Rumah adat jawa mempunyai beragam macam dan bentuk karena pulau jawa terbagi menjadi jawa tengah, jawa timur, dan lainya. Didalam artikel ini yang akan dibahas adalah rumah adat jawa tengah yaitu rumah adat joglo. Tetapi kita akan bahas dalam menggunakan bahasa jawa, apabila anda tidak bisa berbahasa jawa silahkan klik translate atau terjemahkan ke bahasa Indonesia. Apabila susah silahkan komentar atau hubungi kontak kami. Berikut ini penjelasan mengenai rumah adat jawa tengah yaitu omah joglo.
Omah Joglo yaiku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Omah iki nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Biasane omah joglo iku ono gebyoge (tembok kayu gunane kanggo mbatesi senthong tengah karo pringgitan digawe seko kayu jati).
Pendhapa arupa bagean ngarep seng nduweni ruangan jembar tanpa sekat sekat, biasane pendhapa dipigunakake kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kaluwarga.
Pringgitan iku panggonane ana ning mburi pendhopo, nempel karo dalem (omah seng bagian dalem). Fungsine kanggo nampa tamu.
Dalem yaiku bagian omah joglo ana ing bagian njero. Fungsine kanggo kumpul keluarga. Senthong tengah ing joglo fungsine kanggo peturon wong lanang seng nduwe omah. Senthong tengen yaiku pasren, biasane panggonan iki kanggo peturon lan kanggo panyembahan kanggo dewi srin utawa dewi kesuburan lan kemakmuran. Biasane uga kanggo nyimpen beras utawa palawija. Senthong kiwo anduweni fungsi kanggo peturon wong wedok. Pawon yaiku bagian omah joglo sing digunakake kanggo ruangan masak. Kanggo kamar kecil.
Bangunan joglo iki migunakake cagak sing jumlahe 36 buah lan 4 anatarane yaiku saka guru. Atape saka papat welah sisi masing-masing mduweni tingkat telu lan siji bubungan. Bentukane bangunan iki asale saka perkembangan saka joglo sing migunakake teras keliling.
Joglo Jompongan yaiku bentuk rumah joglo sing nganggo 2 buah pengeret karo denah bujur sangkar. Bentuk iki yaiku bentuk dasar joglo.
Joglo Pangrawit yaiku omah joglo kanggo nganggo lambang gantung, atap berujung mulur saka atap penanggap, atap empar merenggang saka duwur penanggap, saben sudut diwenehi cagak (saka).
Joglo mangkurat podo karo Joglo Pengrawit, nanging luwih dhuwur lan cara nyambung atap penanggap nganggo penitih. Atap kasusun telu mrenggang. duwur brunjung, tengah penanggap, ngisor penitih (teras). Nanging yen diwenehi sak susun atap meneh ning ngisor penitih, atap iki kasebut atap peningrat.
Joglo Hageng yaiku omah joglo kang nduweni ukuran luwih cendek lan ditambahi atap sing kasebut pengerat lan ditambahi tratak keliling Pendapa Agung Istana mangkunegaran Surakarta.
Wangunan joglo iki miggunakake cagak cacahe ana 16 lan 4 antarane ysiku saka guru. Atape dewe kasusun saka papat sisi kang kasusun 2 lan sak bubungan. Bentuk wangunan iki saka duwur mengisor saya amba kaya payung.
Joglo Semar Tinandhu (semar diusung/semar dipikul). Joglo iki biasane digunake kanggo regol utawa gerbang kerajaan.amarga cagak utama/saka guru ing joglo iki digantike karo tembok sambungan, mula ruang ing ngisor atap sing luwih duwur nduweni gedenan ruang sewates ning gedenan uleng wae. Hawa kang ana isih kapegaruh hawa ngarep, nanging kerasa luwih sejuk amarga ana kamiringan atap sing menehi kabedan hawa antara ruang ngarep lan njero joglo.
Selamat pagi semuanya. Pada kesempatan yang baik ini, kami akan membagikan deskripsi omah joglo dalam bahasa Jawa. Tanpa berlama-lama, silakan cermati artikel di bawah ini! catatan: Rumah joglo merupakan sub materi pelajaran yang diajarkan untuk siswa SMA/MA/SMK sederajat kelas X pada semester 2. Materi rumah joglo ini masuk dalam kategori teks deskripsi. Adapun yang akan diulas pada postingan di bawah ini adalah tentang pengertian rumah joglo, filosofinya, bagian-bagiannya serta jenis-jenisnya di nusantara, umumnya di suku Jawa. Materi rumah joglo ini bisa kita jadikan referensi pengayaan belajar juga. Tidak hanya untuk siswa SMA/ SMK atau MA saja, masyarakat umum pun bisa menggunakan ulasan singkat di bawah ini sebagai pengetahuan. Teks ulasan yang kami sampaikan di bawah ini, diambil dari beberapa sumber. Sumber-sumber tersebut, berasal dari buku-buku berbahasa Jawa dan internet. Untuk memastikan ulasan ini cocok untuk semua kalangan, dilakukan beberapa suntingan. Nah, selengkapnya silakan perhatikan ulasan deskripsi omah joglo tersebut di bawah ini. Padha karo suku-suku liyane ing Indonesia, wong Jawa uga nduweni omah adat. Omah adat mau jenenge omah joglo. Ciri utama saka omah joglo yaiku nduwe saka guru. Saka guru yaiku cagak utawa tiyang utama sing jumlahe ana papat. Papan kanggo mbangun omah joglo kudu jembar. Sebabe apa? Omah joglo kalebu omah sing ujude gedhe lan nduwe bagian sing akeh. Saengga butuh panggon sing amba banget. Bahan bangunan omah joglo biasane ujud kayu. Kayu kasebut bisa awujud kayu jati, maoni, sonokeling, glugu, kayu nangka lan sapanunggalane. Amarga rega kayu iki kaetung larang, mula ora sembarang wong bisa lan gelem mbangun omah joglo. baca juga: Pengertian dan Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa Perangan utawa Bagian Omah JogloOmah joglo nduweni patang bagian yaiku pendhapa, pringgitan, dalem agung lan gandhok. 1. Pendhapa
2. Pringgitan
3. Omah dalem / omah njero /dalem agung utawa krobongan
4. Omah gandhok
Saliyane perangan kasebut, ana perangan liyane yaiku: Bagian njaba
Bagian ngisor
Bagian kerangka
Bagian atas
Bagian panutup
Filosofi omah JogloPendhapa yaiku perangan omah joglo tanpa tutup. Iki nuduhake yen wong Jawa iku siyaga lan siap nampa sapa lan apa wae sing bakal teka. Saliyane iku, uga nduweni teges wong Jawa tansah nengenke (mementingkan) kerukunan lan kekeluargaan. Pendhapa iku nduweni fungsi minangka papan kanggo mbahas kadonyan kaya ta bisnis, gawean, dagangan lan sapanunggalane. Pringgitan nduweni filosofi yen awake dhewe kudu tansah njaga warisan para leluhur ing bidang seni lan olah rasa. Saliane njaga awake dhewe kaajab uga bisa melu ngrembakake ringgit utawa ujud kasenian kasebut. Dalem agung iku nduweni filosofi yen wong Jawa nduwe privasi. Tegese, saben wong nduwe rahasia sing cukup diweruhi keluargane dhewe lan ora perlu diumbar. Saliyane iku, dalem agung uga nduweni pitutur yen ngibadahe manungsa iku cukup Gusti Allah sing ngerti. Dhewe minangka manungsa mung netepi dhawuh. Omah gandhok nduweni fungsi kanggo masak, lan reresik. Yen dideleng saka fungsine, perangan iki nduweni filosofi yen awake dhewe kudu gemi setiti lan ngati-ati. Maksude yaiku manungsa kudu irit, ora boros, ora ngumbar aibe lan tansah ngati-ati nalikane tumindak. Jinising omah JogloOmah joglo nduweni pirang-pirang jinis yaiku: 1. Joglo sinom
2. Joglo Jompongan
3. Joglo Pangrawit
4. Joglo Mangkurat
5. Joglo Hageng
6. Joglo Lawakan
7. Joglo Semar Tinandhu
baca juga: Karya Sastra Jawa berbentuk Puisi Demikian Deskripsi Omah Joglo dalam Bahasa Jawa. Semoga dengan membaca tulisan ini, wawasan kita bertambah dan bisa bermanfaat. Terima kasih. |