Salah sijine ciri legenda ora ana sing ngerti sapa sejatine sing ngarang iku mau diarani

Academia.edu no longer supports Internet Explorer.

To browse Academia.edu and the wider internet faster and more securely, please take a few seconds to upgrade your browser.

BAHASA JAWALEGENDHA DANIK SUSELOWATI BAHASA JAWA KELAS VIII SMP/MTS TAHUN PELAJARAN 2020/2021 Buku Panduan Belajar Bahasa JawaSatuan Pendidikan : SMPKelas / Semester : VIII /GenapKompetensi Dasar : 3.1Materi : Menulis Teks LegendaAlokasi waktu : 2 x 30 (2 JP) Kompetensi Dasar3.1 Mengenal, memahami,mengidentifikasi, teks legenda dalambentuk lisan dan tulis. Indikator3.1.1 Mengidentifikasi teks legendaberdasarkan tema3.1.2 Menjelaskan ciri-ciri teks legenda3.1.3 Menjelaskan unsur teks legenda3.1.4 Menjelaskan isi teks legenda3.1.5 Menuliskan teks legendaTujuan Pembelajaran :1. Setelah membaca teks, siswa dapat menyebutkan ciri-ciri legenda2. Setelah membaca teks, siswa dapat menyebutkan unsur-unsur legenda3. Setelah membaca teks, siswa dapat menjelaskan unsur-unsur teks legenda4. Setelah membaca teks, siswa dapat menjelaskan isi wacana legenda5. Setelah membaca teks, siswa dapat menuliskan teks legendaPetunjuk Belajar Petunjuk Bagi Peserta Didik : 1.Berdo’a dengan kusyuk setiap akan memulai pembelajaran sesuai dengan kepercayaan masing-masing 2. Bacalan KD, Indikator, dan tujuan pembelajaran dari materi ini 3. Pelajari setiap materi yang disajikan, bila perlu catat dan garis bawahi hal-hal yang menurut ananda penting 4.Pahami contoh soal yang ada, kemudian kerjakan Latihan yang ada dalam buku Latihan. Jika mengalami kesulitan diskusikan dengan teman atau guru 5. Kerjakan evaluasi materi ini dengan cermat dan teliti.Petunjuk Belajar Petunjuk Bagi Guru : 1.Menjelaskan KD, indikator, dan tujuan pembelajaran yang hendak dicapai. 2. Melakukan pengamatan selama proses pembelajaran. 3. Membimbing siswa dalam memahami konsep, Analisa, dan menjawab pertanyaan siswa mengenai proses belajar. 4.Mengorganisasikan kegiatan baik secara individu maupun kelompok.LEGENDHA??? Crita kang isine nyeritakake dumadine salah sawijining panggonan. Ingkang kalebu crita fiksi lan crita rakyat. Crita legenda kalebu sastra gancaran. Sastra gancaran tegese yaiku karangan kang ora kaiket guru gatra,guru wilangan lan guru lagu. Ana ing sastra gancaran mesthi ana perangan-perangan kang ndhapuk crita. Perangan-perangan kuwi diarani unsur intrinsik. TULADHANE??? 1. Mula Bukane Kutha Semarang 2. Mula Bukane Kutha Banyuwangi 3. Rawa Pening 4. lsp.Tetenger/tintingane Crita Legendha 1.Imajiner, yaiku nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane 2. Kolektif, yaiku dianggep duwene masarakat bareng-bareng 3. Statis, tegese ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman biyen nganti saiki 4.Ngemu tuladha, biasane crita legenda nyeritakake bab ala lan becik kanggo tuladha 5. Anonim, tegese crita legenda ora ana sing ngerti sapa sejatine sing ngarang I n f o r m a s i P a n y e n g k u y u n ghttps://youtu.be/T5BkZnV_OXQhttps://youtu.be/dFC_iuVS8ZYUnsur-unsur Crita LegendhaTema, yaiku undhering prakaryautawa gagasan kang wigati. Temabisa diarani bakune crita, singwigati ing sajroning crita, utawaakeh karembug ing critadigathukake alur sing ana.Tuladhane tema yaiku katresnan,sesrawungan, unggah-ungguh,sejarah, lan sapanunggalaneIrah-irahan, Irah-irahan kuwigampang ditemokake. Biasaneditulis ana ing paling dhuwurgancaran crita legenda.Latar/setting, kaperang dadi teluyaiku latar panggonan, latar wektulan latar swasana. (1) Latarpanggonan yaiku samubarang singnggambarake papan kedadeyanecrita, (2) Latar Wektu yaiku wektusing nggambarake kapankedadeyan iku dumadi, tuladha:jam, dina, sasi, dhek semana,jaman mbiyen, besuk, lansapanunggalane, (3) Latar Swasanayaiku swasana/ kahanan kangdiandharake ana ing crita.Alur, yaiku urutane kedadeyan ing crita saka wiwitan nganti pungkasan(Alur maju, mundur, campuran)Paraga lan Watake. Paraga kuwi kabehkang nindakake lelakon ing crita. Paraga bisa awujud manungsa, bangsalelembut, kewan, lan sapanunggalane.Saben paraga nduweni watak kang beda-beda. Watak paraga ing sajroningcrita bisa diandharake lumantarpacelathon antaraning paraga siji lansijine lan bisa uga diandharake langsung dening panganggit.Point of view (Sudut Pandang), yaikukalungguhane pengarang jroning carita.Amanat yaiku ajaran moral utawa pesen kang ngandhut piwulang becikkang bisa dijupuk dening pamacaWacanMula Bukane Sumur Blandhung Mula bukane Sumur Blandung kuwi,sawijining dina ana petani jenenge PakPahing akon anake yaiku Kliwonsupaya angon wedhus, nanging oragelem nunggoni wedhuse malah dolannonton. Pak Pahing weruh wedhuse oraditunggoni Kliwon, dheweke banjurnesu, wedhuse digawa mulih.Tekanomah Kliwon diseneni nanging menengwae, amarga ora direwes Pak Pahingnesune saya muntap banjur Kliwonditundhung saka omah. Kliwon lungamangalor tekan Gunung Lawu. Ingpapan kuwi ana pondok pesantren.Kliwon mapan lan maguru ingpesantren kuwi.Sumur Blandhung digawe nalikajaman Hindhu-Budha kerajaanMajapahit abad 13-14. Sumur Blandungpancen sengaja digawe pendudukbanyune kanggo kaperluan padinan.Sawijining bengi ing padhepokankuwi ana guru nggawe tandha kanthicara sarung dibundheli pucuke. Ingkono cacahing sarung akeh nangingsing dibundheli mung siji. Esukesawise para santri resik-resik, gurundhawuhi para santri ing pesantrenkuwi supaya njupuk sarung ingtumpukan. Sawise kabeh padha njupuk,pranyata sing njupuk sarung anatandhane iku Kliwon. Guru iku banjurndhawuhi Kliwon supaya lungamenyang Majapahit amarga Kliwon wiscukup ilmune lan kabeh ilmu singdiduweni gurune wis diwenehakekabeh marang dheweke. Kliwon banjurlunga menyang Majapahit. IngMajapahit ana punggawa kerajaan singduwe anak wadon sing jenengeMayasari rupane ayu nanging laginandhang lelara lan durung ana singbisa nambani. Amarga nduweni ilmusing cukup dhuwur Kliwon bisanambani putri mau saka larane.Amarga lelabuhane iku Kliwondidhaupke karo Mayasari lan diwenehikalungguhan.Sawise dhaup karo Mayasari, Kliwondidhawuhi mulih menyang panggonanasale lan nggawe kadipaten, papan ikusaya suwe saya rame dadi pasar. PakPahing bapake Kliwon uga dadi bakuldhawet lan dodolane laris banget. Ingsawijining dina Kliwon weruh bapakelagi dodolan banjur marani. PakPahing ora ngerti yen sing marani ikuKliwon anake sing wis suwe lungaamarga Kliwon saiki wis dadibangsawan lan ganti jeneng. Kliwonomong-omongan karo Pak Pahing takonngenani kaluwargane. WusananeKliwon omong nek dheweke iku anakePak Pahing. Pak Pahing kaget oranduga yen anake dadi bangsawan. Mangerteni bab iku Mayasari dadiisin, dheweke bali menyang Majapahit.Nanging tekan Majapahit dhewekedikon bali meneh menyang bojone.Mayasari banjur bali meneh menyangKliwon. Dheweke rumangsa sedhihbanjur arep nglalu kanthi caranggantung utawa nggandhul, anangingora mati.Mula papan sing digunakake kanggonglalu Mayasari iku dijenengiGandhulan. Mayasari banjur mlayumenyang sawijining papan, ing konodheweke lara nglebag-nglebag ngantitumekane pati . Mula papan ikudijenengi Mlibak.Mangerteni kahanan kuwi Kliwonsedhih banget, sawise Mayasari matikadipaten iku wargane padhanandhang lelara. Amarga Kliwonilmune dhuwur dheweke ngertikepriye carane nanggulangi kahananiku. Dheweke banjur akon rakyatesupaya gawe sumur ing wadhas utawawatu-watu. Banyu sing metu sakasumur iku manjur bisa kanggongobati wong-wong sing lara. Sumuriku diarani Sumur Blandhung.SumurBlandhung iku mapan ing desaTegowanuh, Kaloran, Temanggung. Kapethik saka buku Pancadan Sinau BasaJawa kangge SMP Kelas VIII (kanthi owah- owahan saperlune)Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki! 1. Apa irah-irahan saka wacan ing dhuwur kuwi …. 2. Kepriye wateke saben paraga sajrone wacan ing dhuwur …. 3. Kepriye mula bukane papan kang dijenengi Gandhulan kuwi …. 4. Apa amanat utawa pesen moral kang bisa kajupuk saka wacan ing dhuwur …. 5. Coba critakna maneh wacan Mula Bukane Sumur Blandhung ing ngarep kelas ….Gladhen 11.Crita kang isine nyeritakake dumadinesalah sawijining panggonan. Ingkangkalebu crita fiksi lan crita rakyatdiarani …. a. legendha b. geguritan c. cerkak d. tembang e. cangkriman2. Ing ngisor iki sing kalebu saka unsur-unsur pambangune teks legendhayaiku …. a. tema b. latar c. alur d. tipografi e. paraga3. Ing ngisor iki sing kalebu tetenger saka tekslegendha yaiku …. a. imajinatif b. kolektif c. statis d. ngemu tuladha e. anomaliaGatekna cuplikan saka teks legendha ingngisor iki kanggo mangsuli pitakonannomer 4 - 8! Rawa Pening Kacarita ing desa Banarawa, duwe adatnganakake memetri desa ing saben taun,yaiku nganakake slametan supaya wong ingdesa kono padha slamet. Nalika lagi ngasoing tengah alas, gaman ditancepake ana witkang dilungguhi. Nanging saka wit maumalah metu banyu abang. Jebul, wit kangdilungguhi kuwi sajatine awak taksakagedhe banget. Mula ulane banjur dipatenilan daginge dienggo memetri desa. Nalika semana, ana bocah bajang kangarane Baru Klinthing kang sejatinejelmaane ula mau. Bocah kuwi marani salahsijining omah kanggo njaluk daging, yaikuomahe Ki Juru Mathokan, celathune,”Kulasampun pinten-pinten dinten dereng nedhi.Nyuwun kawelasan panjenengan, Ki.” “Oraana pangan turah ing kene. He, bocahlethek, lungaa ambune awakmu njalari oraenak nggonku mangan.” Ngono wangsulaneKi Juru.Ki Juru pancen wonge medhit banget.Wanci sore Baru Klinthing tumuju ingomahe Mbok Randha. Mbok Randha ikuuripe rekasa, nanging luhur budine lanloma marang sapa wae. Mula tekane siBajang ditampa kanthi becik.Baruklinthing diwenehi sega lan dagingula. Sawise mangan, Baruklinthing pamitlan aweh piweling,” Mbok Randha,sapungkurku enggala nyawisna lesungamarga arep ana banjir bandhang. ”Ya, ngger.” Wangsulana Mbok Randhatanpa pitakon senajan ing atine radabingung. Baruklinthing banjur lungamenyang omahe Ki Juru lan nganakakesayembara nancebake sada lanang inglatar. Nanging ora ana sing bisa mbedol.Gandheng ora ana sing kuwat, BaruKlinthing mbedol sada mau. Sanalikatancebane sada mau metu banyune lansansaya gedhe dadi banjir bandhang.Wongwong padha kelelep. Mbok Randhakang kelingan welinge Baruklinthingbanjur numpak lesung. Desa Banarawa mauakhire dadi Rawa Pening kang dumunungana ing Ambarawa.4. Apa irah-irahan saka teks legendhaing dhuwur … . a. Baru Klinthing b. Rawa Pening c. Rawe-rawe Rantas d. Mbok Randha e. Desa Banarawa5. “…Nalika lagi ngaso ing tengah alas,gaman ditancepake ana wit kangdilungguhi. Nanging saka wit mau malahmetu banyu abang. Jebul, wit kangdilungguhi kuwi sajatine awak taksakagedhe banget. Mula ulane banjur dipatenilan daginge dienggo memetri desa.”Tembung tatsaka tegede padha karo …. a. gajah b. kebo c. kadal d. ula e. singa6. “….Nalika lagi ngaso ing tengah alas,gaman ditancepake ana wit kangdilungguhi. Nanging saka wit maumalah metu banyu abang. Jebul, witkang dilungguhi kuwi sajatine awaktaksaka gedhe banget. Mula ulanebanjur dipateni lan daginge dienggomemetri desa”Tembung memetri desa tegese padhakaro …. a. ngrusak b. medeni c. ngopeni lan memudhi d. mateni e. ngajurake7. “Ora ana pangan turah ing kene. He,bocah lethek, lungaa ambune awakmunjalari ora enak nggonku mangan.” Ngonowangsulane Ki Juru.Miturut pethilan ukara ing dhuwurnggambarake yen wateke Ki Juru … . a. welas asih b. seneng tetulung c. becik d. gati e. medhit lan ora duwe rasa welas asih8. “…Mbok Randha iku uripe rekasa,nanging luhur budine lan loma marangsapa wae. Mula tekane si Bajangditampa kanthi becik. Baruklinthingdiwenehi sega lan daging ula.”Saka pethilan carita ing dhuwur,mratandha yen mbok Randha kalebuparaga .... a. antagonis b. protagonis c. tirtagonis d. campuran e. anonim9. Ing ngisor iki tuladhane teks legendha,kejaba …. a. Mula Bukane Kutha Bnayuwangi b. Mula Bukane Kutha Semarang c. Rawa Pening d. Asal Usul Tlaga Sarangan e. Ikatan Cinta10. Ajaran moral utawa pesen kangngandhut piwulang becik kang bisadijupuk dening pamaca diarani …. a. pesen b. moral c. amanat d. tema e. piwulangPAMBIJI SIKAP SISWASabanjure kanggo pabiji ngenani sikap siswa bisalumantar tabel kang wis sumadya. Isinen tabel pambijikanthi menehi tanda (v) sajrone tabel ing ngisor iki!RESPON BALIK (REFLEKSI)1.Tetenger apa wae sing wis kokmangerteni sajrone teks legendha?2. Apa wae unsur-unsur pamangune teks legendha?3. Apa wae kang kudu digatekake nalikane nulis isi teks legendha?4.Apa wae sing kudu digatekake nalikane nulis teks legendha? DUDUTAN Crita legenda kalebu sastra gancaran. Sastra gancaran tegese yaiku karangan kang ora kaiket guru gatra,guru wilangan lan guru lagu. Ana ing sastra gancaran mesthi ana perangan-perangan kang ndhapuk crita. Perangan-perangan kuwi diarani unsur intrinsik. Kang kalebu unsur intrinsik yaiku, 1. Tema 2. Irah-irahan 3. Paraga lan watake 4. Latar/setting 5. Alur 6. Point of view 7. AmanatKAPUSTAKANPriyantono, Sawukir. 2015. Marsudi Basalan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs KelasVIII Jilid I. Jakarta:Erlangga.Sukarman dkk. 2015.SastriBasa.Surabaya : Dinas PendidikanProvinsi Jawa TimurTim MGMP Basa Jawa Temanggung. 2019.Pancadan Sinau Basa Jawa kangge SMPKelas VIII.Tim Pusat Penilaian Pendidikan. 2019.Panduan Penulisan Soal HOTS. Jakarta :Pusat Penelitian Pendidikanhttps://youtu.be/T5BkZnV_OXQ

https://youtu.be/dFC_iuVS8ZY