Gamelan iku lumrahe dianggo nalika ana adicara

Soal-soal try out USBN Bahasa Jawa 1 A. Wangsulana kanthi menehi tandha (X) huruf A, B, C, D, utawa E wangsulan kang trep! Mingkar mingkuring angkara, Akarana karanan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinuba sinukarta, Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung Kang tumrap neng tanah Jawa, Agama ageming aji. 1. Pitutur luhur saka tembang macapat ing dhuwur yaiku ....... A. Nalika ndhidhik anak kudu nyingkiri tumindak angkara. B. Manungsa kudu milih agama sing paling becik. C. Nalika mulang anak kudu nganggo kidung. D. Manungsa kudu sregep nyambut gawe. E. Manungsa kudu gelem sinau. Pethilan teks cerkak kanggo mangsuli pitakonan no 2-3 …………………………………… Esuk iku, swasana ing kantor katon ora kaya biasane. Kabeh pawongan katon padha sibuk mergane pancen dina iki kudu nggawe laporan bab penjualane montor neng showroom. Pak Karto sing duwe showroom ya padha melu sibuk amarga kudu ngecek laporan saka karyawane. “ Ton, iki laporanmu wis dak tampa, pancen akeh montor sing wis dak dol luwih saka liyane.” Swarane Pak Karto ngendhikan karo Anton. Anton mung mesem lan ora sombong. Awit dheweke ya njaga perasaane kanca liyane sing isih akeh durung mlebu target. “Ya cetha wae akeh, lha wong piyayine wae alus, sopan lan yen ngendhikan enak dirungokake, dadine para pelanggan kepincut. Apamaneh ditambah ngganteng sisan.” Ayu melu nggodha Anton……………… 2. Nilai-nilai kang kinandhut ana sajroning cerkak ing dhuwur yaiku ………. A. Sosial B. Budaya C. Agama D. Ekonomi E. Kulawarga 3. Manut pethilan crita cekak ing dhuwur iku, panyerat anggone nudhuhake watake paraga yaiku kanthi teknik… A. Analitik. B. Dramatik. C. Ekspositorik. D. Pragmatik. E. Psikomotorik. Pawarta ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan no 4-5! Tempo.CO. Solo-Wolung sanggar kesenian anak ing Surakarta bakal ngramekake Festival Dolanan Bocah ing akhir minggu iki. Kira-kira rong atusan bocah bakal dikatutake ing festival kang digelar dening Sanggar Surya Sumirat Mangkunegaran kasebut. Ketua penyelenggara festival, Esti Andrini mratelakake menawa dolanan bocah iku digawe seni pertunjukan panggung. “Bocahbocah badhe maragakaken werni-werni dolanan tradhisional napa dene lagu dolanan.” Ujare. Piyambake uga wis koordinasi karo dinas Pendidikan Nasional Surakarta kanggo ngundang guru lan siswa supaya nonton kegiyatan kasebut. 4. Manut pawarta ing dhuwur, pawarta kang trep yaiku…. A. dolanan tradisional B. kesenian tradosional C. tarian tradisional D. tontonan tradisional E. tembang dolanan undheran 5. Pokok isi saka pawarta iku ... A. bocah-bocah padha dolanan. B. festival dolanan bocah. C. Esti Andrini melu festival dolanan bocah. D. bocah nonton festival karo wong tuwane. E. Dinas Pendidikan nganakake pertujukan anak. 6. Wacanen kanthi premati! Joglo iku jenis omah adat jawa kang katon prasaja lan digunakake kanggo lambang status sosial para priyayi. Omah joglo duweni ciri khas yaiku saka guru lan tumpang sari. Saben perangan duweni fungsi dhewe-dhewe lan beda-beda. Umume perangan omah joglo iku ana 3 bageyan pokok yaiku pendhapa, pringgitan lan omah dalem. Pendhapa yaiku perangan omah sing digunakake kanggo nampa tamu. Pringgitan iku asale saka tembung “ringgit” kang tegese wayang kulit. Pringgitan iku perangan omah sing digunakake kanggo nganakake pagelaran wayang kulit. Dene omah dalem yaiku perangan omah sing digunakake kanggo kumpule kulawarga Soal-soal try out USBN Bahasa Jawa 1 kang kaperang dadi 3 senthong yaiku senthong kiwa, tengen lan tengah. Gambar ing dhuwur iku tuladha panganan tradisional Jawa sing padhatan akeh di temokake ana ing tlatah Wonogiri sing bahan bakune saka pohung. Panganan tradisional iku jenenge…. A. thiwul B. urap C. sega megana D. sega jagung E. gethuk Perangan omah joglo kang digunakake kanggo nampa tamu, jejagongan karo sapa wae, diarani .............. A. Omah dalem B. Pendhapa C. Pringgitan D. Gandhok E. Senthong 7. Tembang macapat kang duweni paugeran guru wilangan lan guru lagu 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a yakuwi tembang …… A. Maskumambang B. Sinom C. Kinanthi D. Dhandhanggula E. Pangkur 8. “Jabang bayi bungkus mapan ing alas Mandhalasara wolung taun lawase. Alas kang sadurunge raket wit-witan gedhegedhe banjur malih dadi padhang amerga akeh wit-witan gedhe kang padha ambruk. Jabang bayi bungkus saben dinane gulunggulung nabraki uwit ing alas”. Unsur kuat kang mangun crita wayang ing dhuwur, yaiku .... A. watak B. alur C. paraga D. plot E. latar/ setting 9. “Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa–bapa, Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.” Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan …. A. salam pambuka B. ancasing gati C. surasa basa D. wasana basa E. purwaka basa 10. 11. Montor sing arep melu uji emisi ana 169 cacahe,dene montore tanggaku wis diuji emisi ping 4 iki nanging durung lulus. Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku .... A. [mo[nT/osi=ax[pMluaujiaemisian;16 9;cc[a, [f[n[mo[nTo[r[t=o[gokuwisFiauji[ami sipi=;4;aikinzi=furu=lulus\, B. [mo[nT/osi=are[pMluaujiaemisian;1 39;cc[a, [f[n[mo[nTo[r[t=o[gokuwisFiauji[ami sipi=;5;aikinzi=furu=lulus\, C. [mo[nT/osi=ax[pMluaujiEmisian;169 ;cch[a, [f[n[mo[nT/o[rt=gkuwisFiaujiEmisipi =;8;aikinzi=furu=lulus\, D. [mo[nT/osi=are[pMluaujiOmisian;14 9;cch[a, [f[n[mo[nT/o[rt=gkuwisFiaujiEmisipi =;4;aikinzi=furu=lulus\, E. [mo[nT/osi=are[pMluaujiEmisian;16 8;cch[a, [f[n[mo[nT/o[rt=gkuwisFiaujiUmisipi =;9;aikinzi=furu=lulus\, 12. Pocung Ngelmu iku kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekese dur angkara Tembang Pocung ing dhuwur duweni surasane ............ A. Saka wiwitan tansah duwe usaha kanggo golek ilmu kang gawe santosa B. Angkara kang dadi bebaya C. Papan kang dikuwasani dening tumindak ala D. Tansah entuk welas asih saka Gusti Soal-soal try out USBN Bahasa Jawa 1 E. Ilmu iku sansaya kinanthenan tumindak kang gawe santosa 13. Salim asale saka desa Bangi, cedhak kecamatan Sewon. Kawit ana kandhutan wis ditinggal lunga bapake. Emboke rabi, banjur entuk tambah adhi telu. Lanang loro lan wadon siji. Bapake tani, emboke bakul beras ana pasar Prawirataman. Panguripane klebu kecukupan. Ora kurang sandhang pangan lan bisa nyekolahke anak-anake. Bapake ngrengkuh Salim kaya anake dhewe. Mula Salim uga tresna lan ngajeni marang bapake, sanadyan sawijining dina ngerti yen kuwi dudu bapake dhewe. ...................................................... (Kapethik : novel Wedhus gembel Gunung Merapi) Saka pethikan novel ing dhuwur, nilai-nilai kang kinandhut yaiku ... A. Katresnan B. Budaya C. Kulawarga D. Sosial E. Ekonomi 14. Nalika wonten adicara peresmian pabrik anyar, Pak Walikota sampun sagah maringi sesorah utawi sambutan lan ngresmekake kanthi resmi pabrik kang mapan ing Kutha Surakarta. Ananging ing dinten kasebut, Pak Walikota boten saged rawuh awit wonten dhawuh kedah ing Jakarta. Awit sampun titi wancinipun boten wonten gantosipun. Kepeksa Pak Kepala Dinas Perindustrian ingkang rawuh ing adicara kasebut ingkang nyambut. Pak Kepala Dinas sejatosipun boten siyap, awit dadakan lan boten wonten persiapan. Awit kedah nyambut, Pak Kepala Dinas kepeksa maringi sambutan kanthi spontan kemawon. Miturut crita ing dhuwur. Pak Kepala Dinas anggone maringi sesorah kanthi metodhe…. A. Ekstemporan B. Mawi cathetan C. Maos Naskah D. Impromtu E. Apalan MANTU Mantu kanggo wong Jawa Tengah lumprahe manut tatacara adat Jawa. Adat Jawa minangka srana urip ing bebrayan Jawa. Mantu tegese duwe gawe malakramake anak. Palakrama tegese pernikahan. Wong Jawa ora bisa ninggalake budaya tatacara mantu adat Jawa jalaran kuwi dadi srana sesrawungan antarane wong Jawa siji lan sijine. Tatacara mantu ing bebrayan Jawa Tengah, yaiku diwiwti saka dhodhog kori, calon manten lanang sowan ing daleme wong tuwane bocah wadon saperlu takon statuse wong wadon sing arep dipek bojo, banjur ana jonggolan, lan sapanunggalane. 15. Pesen kang kapethik saka ancase wong Jawa duwe gawe mantu, kajaba … A. Mantu kanggo Wong Jawa bisa dadi srana sesrawungan. B. Mantu kuwi tradisi/ budaya Jawa kang dadi srana urip ing bebrayan Jawa. C. Mantu kuwi mung nelasake akeh prabeya, wektu, lan tenaga. D. Wong Jawa ora bisa ninggalake adat Mantu jalaran wis wiwit biyen ana. E. Tatacara adat mantu duweni ancas supaya urip bebrayan luwih mulya. 16. Napzaba bisa ngrusak saraf. Ukara ing dhuwur menawa ditulis kanthi aksara jawa yaiku.... A. npSbbisz(skSrp\, B. npSbbisz(skSrP+\, C. npJ+bbiszeruskSrP+\, D. npJbbisz(skSrp\, E. npJ+bbisz(skSrP+\, 17. “Ing tlatah Prambanan ngrembaka crita rakyat kadadeyane Candi Sewu. Crita sing nyritakake Bandung Bandawasa sing kepincut karo Rara Jonggrang. Ananging Rara Jonggrang ora gelem dadi sisihane Bandung Bandawasa tanpa menehi sarat sing mokal bisa dilakoni. Bandung Bandawasa dikon nggawe candi cacahe sewu sakjrone sewengi. Gandheng Bandung Bandawasa iku sekti mandraguna, dheweke bisa nglakoni sarat kuwi mau, ing wayah tengah wengi wis entuk 999 candi. Ngerti kahanan mangkono, Rara Jonggrang banjur gawe – gawe supaya ora kasil anggone Bandung Bandawasa tandhang gawe. Mulane kabeh wong kon nutu lan ngobong damen ana ing sisih wetan supaya dikira wis esuk. Ngerti Rara Soal-soal try out USBN Bahasa Jawa 1 Jonggrang tumindak culika, Bandung Bandawasa nesu banjur Rara Jonggrang di sabda dadi candi sing kaping 1000.” Miturut isine, pethilan crita rakyat ing dhuwur kalebu…. A. sage B. mitos C. fabel D. legenda E. dongeng 18. Para kadang, ora sah bingung masalah kasarasaning awak. Akeh pilihan, gampang golek-golekane, mesthi alami, gampang ngracike lan dijamin tanpa efek samping. Para kadang takaturi mundhut Aneka Jamu mugi Waras spesial ing Toko “barokah waras”, alamat jl. Ceplok piring, Karangan, Magelang Telp.0272-235212 Sepisan malih mangga pamiyarsa kula aturi tindak ing Toko Barokah Waras, konsultasi kasarasan dipunlayani kanthi senenging ati. Surasa wacan pariwara ing dhuwur yaiku ... A. Nyuwun supaya tuku jamu ing toko bagas waras B. Pariwara jamu mugi waras special C. Ana jamu kang nrancike gampang D. Aneka jamu kang isa kapundhut ing toko mugi waras E. Aneka jamu mugi waras spesial saged kapundhut ing barokah waras 19. Kethoprak klebu sandiwara dudu sendratari mulane pentas kethoprak ora nengenake tari lan gerak seni (kagunan beksa) para paraga, ananging nengenake ulah basa lan sastra binarung tembang lan gendhing. Wayang wong nengenake gerak lan tari sajroning pagelaran binarung swara dhalang suluk utawa nembang. Sok-sok nek prelu paraga wayang wong uga nembang, umpamane lagi gandrung. Pamilihing tembung nengenake (ukara 2 lan 3) bisa diganti nganggo tembung .... A. mentingake B. nganggo C. maragakake D. nggunakake E. ngobahake 20. “Karna suwita mring Sri Kurupati”, yen ditulis aksara Jawa dadi .... A. @/ nsuwitmi]= $i]@u rupti B. @/ ntsuwitmi]=$i]@u rupti C. %/nsuwitmi]= $i]&urupti D. !/ksuwitmi]=$i]@u rupti E. @/ nsuwitmi] =$i]$urpti 21. “Runtang-runtung karo garwa ing ngendiendi tansah dikanthi rina lawan wengi mula banjur nggarbini utawa hamil.” Manut laku jantrane manungsa kang ginambar ana crita ing dhuwur trep marang tembang macapat …… A. sinom B. kinanthi C. pangkur D. dhandhanggula E. pocung 22. Mangka kanthining tumuwuh Salami mung awas eling Eling lukitaning alam Dadi wiryaning dumadi Supadi nir ing sangsaya Yeku pangreksaning urip Prayatan ing ngisor iki kang jumbuh karo wos surasane tembang ing dhuwur yaiku …. A. Tansah eling marang tangga teparo B. Supaya dicedhakne marang Gustine C. Manungsa kudu tansah njaga alam donya D. Wong urip iku kudu sregep nyambut gawe E. Sangune urip yaiku tansah waspada lan eling 23. Wacanen geguritan ing ngisor iki! Tresna Wurung Dening: Chris Papa Jaya nadyan angin wengi wiwit njiwit kulit nanging mripat iki panggah akedhep tesmak wewayanganmu kang tansah liwat ngujiwat nggodha ati suwung, tumlawung tresna wurung dhuh, uwong ayu gantilaning ati kamitegan, kowe cidra ing janji oncat datan pepoyan katut priya tumpakan sedan lan aku muhung tetep lumaku Soal-soal try out USBN Bahasa Jawa 1 atut saparaning suku sangu ati kang saya wuru E. kakawin Geguritan kanthi irah-irahan Tresna Wurung ing dhuwur iku nyritakake…. A. Wong lanang kang katut karo wong wadon. B. Wong lanang kang ditinggal sisihane merga bandhane entek. C. Wong wadon sing kepincut marang wong lanang sing bagus rupane. D. Wong lanang sing nyidrani janji wong wadon merga kepincut bandhane liyan. E. Wong wadon sing nyidrani janji wong lanang merga kepincut bandhane liyan. Geguritan kanggo soal nomer 24-25 TKW kang Trima Pasrah Dening Yos Yosso 24. Aku mothah ora nyonggah, protes ora direwes (gatra 6), tegese... A. TKW ngamuk ora kasil, TKW protes ora digubris. B. Majikan kang ora bener, diprotes karo TKW. C. TKW kang mutah-mutah ora karuan, banjur protes marang majikane ora digatekna. D. TKW nuntut majikane ora kasil, TKW protes marang majikane ora digagas. E. Majikan kang nuntut TKW, lan protes marang TKW kang trima pasrah. ing geguritan .... A. gagrag lawas B. macapat C. gagrag anyar D. kidung dhuwur kalebu Gambar ing ndhuwur perangane busana adat Jawa yaiku… A. Samir B. Atelah C. Beskap D. Sinjang E. Epek timang 27. ............ Dodotan utawa kampuhan dadi ......................... Gusti ora sare, pirsa sakehing tanduk titahe Titi kalamangsane kudu diwelehake, Ketiban prekara gawe dredah Wiji ing jero wetengku, sansaya gedhe, Abah nundhung lunga….lunga…., Aku mothah ora nyonggah, protes ora direwes Bali ndesa, ndhadha isin lan dosa, Rumat anak tanpa bapa, Ning ya ben, ngene ya elah, aku TKW kang trima pasrah (Pepeling TKW nasibe nelangsa, 2010) 25. Geguritan 26. jinis tengere sandhangan mirunggane priyayi jawa kanthi nganggo dodot, sikepan ageng lan kuluk. Dodot iku arupa kain bathik kang dawane 3 meter luwih. Menawa wong lanang kang nggunakake dodot, ing perangan ngarep rada diumbulake, saengga kathok dawane sangisore dengkul ketara. Lumrahe sing kanggo nyamping utawa bebed yaiku kain bathik kang dianggo kanthi iron ing ngarep .... Pethilan teks deskripsi ing dhuwur, pokok isine yaiku ................ A. Dodotan dadi tengere sandhangan mirungan priyayi jawa B. Priyayi jawa nganggo dodot, sikepan lan kuluk C. Dodot arupa kain bathik kang dawane 3 meter D. Dodot uga dianggo wong lanang E. Dodotan uga nganggo nyamping kanthi wiron 28. Setitekna gambar gamelan ing ngisor iki! Piranti gamelan ing ndhuwur iku diarani…. A. rebab B. saron C. kempul D. kenong E. gambang Soal-soal try out USBN Bahasa Jawa 1 29. Jinis gamelan ing sisih tengen diunekake kanthi cara .... A. dithuthuk B. dikeplak C. dijagur D. disebul E. ditutul 30. Kendhang yaiku salah sijining piranti gamelan kang digawe saka kayu lan kulit. Kendhang ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Kendhang diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y. kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik. Teks ing dhuwur iku kalebu teks eksposisi…. A. analisis B. ilustrasi C. definisi D. klasifikasi E. kosok balen 31. Andi Wisudha sasi April.

Ukara ing ndhuwur manawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi.... A. ?AnFiwisudssiApRil\, B. ? AnDisudssiAp]il\. C. ? AnFiwisufssiAp]il\, D. ? AnFiwisudssiAp]il\. E. ? AnDisudssiAp]il\, 32. Ahmad lan Ayub saiki kelas 12. Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa kang bener, yaiku .... A. ?IhmfLn\IyubSaikikels\;12;. B. ?UhmfLn\UyubSaikikels\;12;. C. ?AhmfLn\AyubSaikikels\;12;. D. ?OhmfLn\OyubSaikikels\;10;. E. ?AhmfLn\AyubSaikikels\;11;. Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 33-34! ? r[fn\[email protected]/tinimiyosT=gl\;21Ap]il\;1879 ;ai=jepr,rm[nasMr[fnMs\Afipti[$o[s]oni =rt\[email protected]/tinimu=bisse[kolhznTi kel[sLo[roam/gaumu/[rolsTaunWisÑ| fufipizitl[nHorkenmetuskppnPizitTn\,w ekTuai=ppnPizitTnTnSh +iki/rinlnWeezi.

f+ 33. Wacan ing dhuwur, surasa kang ora trep yaiku................... A. Kartini lair taun 1879 ing Jepara B. Kartini minangka putra bupati Jepara C. Kartini sekolah nganti kelas loro umur 12 taun D. Kartini wiwit dipingit nalika umur 12 taun E. Kartini putrane Raden Mas Sastraningrat 34. Kang ditindakake RA Kartini ing papan pingitan yakuwi …….. A. nangis lan sinau B. nangis lan dolanan C. dzikir rina wengi D. sinau lan dolanan E. dzikir lan sinau Teks tembang dhandhanggula kanggo soal nomer 35-37 Yogyanira kang para prajurit Lamun bisa samya anuladha Kadya nguni caritane Andelira sang Prabu Sasrabau ing Maespati Aran Patih Suwanda Lelabuhanipun Kang ginelung tri prakara Guna kaya purune kang den antepi Nuhoni trah utama 35. Miturut Tembang Dhandhanggula ing dhuwur dicritakake yen Patih Suwanda iku dadi panuladhan awit... A. Lelabuhane kang gedhe kanggo negara Maespati. B. Ora lali marang jasane kang wis ngangkat drajate. C. Jasane gedhe kanggo negara Alengka. D. Duweni watak kang seneng tetulung. E. Wani mati bela negarane. 36. Tembung kaya sing ana sajroning tembang ing dhuwur tegese …… A. Mirip B. pinter C. Mampu D. Sugih E. Duwit 37. Manut tembang dhandhanggula ing dhuwur, ana 3 prakara kang bisa dituladha saka Patih Suwanda, yaiku…… A. guna, kaya, purun B. tekad, wani, ngalah C. donya, pangkat, wibawa D. wani, guna, geleman Soal-soal try out USBN Bahasa Jawa 1 E. ngendelake, wani, pangkat 40. Nilai kabudayan kang kinandhut ing wacan Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 38-40! Nglangkahi Gamelan Nalika kula nampi wanti-wanti saking simbah menggah awisan nglangkahi gamelan, Simbah namung ngendika, “Ora ilok!” Nalika kulasuwuni pirsa menapa sebabipun dene ngantos boten dipunkeparengaken nglangkahi gamelan, Simbah boten mangsuli. Lajeng, kula nyuwun pirsa kaliyan kanca ingkang langkung mangertos bab kabudayan lan nampi wangsulan “Yen dudu awake dhewe sing ngeman, ngopeni, lan ngajeni, njur sapa sing arep gelem ngrumat gamelan?” Samenika sampun radi entheng. Liripun, sampun wonten pancadan kangge suka wangsulan dhumateng sok-sintena ingkang taken bab wewaler ingkang karembag ing nginggil. Menawi dipun-nalar, mila inggih leres. Sinten ingkang badhe saguh nguri-uri menawi sanes panjenengan lan kula? Sinaosa namung sa-nglangkahi, menika sampun saged kagolong tumindak ingkang nedahaken dhumateng akathah, bilih panjenengan lan kula tetela sampun boten eman dhateng bandha gadhahanipun piyambak. 38. Gugon tuhon kalebu wewaler utawa pepali. Ing wacan dhuwur iku, kang dadi gugon tuhon yaiku... A. Simbah boten mangsuli B. ngeman, ngopeni, lan ngajeni C. ngrumat gamelan D. ora ilok nglangkahi gamelan E. ora ilok ngrumat gamelan 39. Pokok-pokok isi kang kinandhut sajroning wacan ing dhuwur yaiku.... A. wewaler nglangkahi gamelan B. manungsa ora kudu ngugemi marang paugeran kang bisa kajupuk saka wewaler C. ora ana alesan logis bab wewaler nglangkahi gamelan D. wewaler kagolong tumindak utama E. wewaler yaiku samubarang kang kena diterak “Nglangkahi Gamelan” yaiku... A. ora ilok nglangkahi gamelan mengko mundhak kuwalat B. ora nglangkahi gamelan pralambang awake dhewe ngurmati budaya Jawa C. sapa sing arep ngrumat gamelan? D. ora eman karo bandha duweke dhewe E. wanti-wanti saka Simbah bab wewaler B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis! 41. “ Ton, iki laporanmu wis dak tampa, pancen akeh montor sing wis dak dol luwih saka liyane.” Swarane Pak Karto ngendhikan karo Anton. Anton mung mesem lan ora sombong. Awit dheweke ya njaga perasaane kanca liyane sing isih akeh durung mlebu target. “Ya cetha wae akeh, lha wong piyayine wae alus, sopan lan yen ngendhikan enak dirungokake, dadine para pelanggan kepincut. Apamaneh ditambah ngganteng sisan.” Owahana pacelathon ing dhuwur nganggo unggah-ungguh basa kang trep! 42. Gedhang raja ing sajroning adat mantu duweni teges apa? 43. Wonten ing Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula. Patih Suwanda iku nduweni lelabuhan tumrap Prabu Maespati. Coba sebutna apa wae lelabuhane Patih Suwanda lan jlentrehna kanthi ringkes! 44. Manut budaya Jawa, bocah sukerta iku prelu diruwat. kang klebu bocah sukerta yaiku ontang-anting, kedhana-kedhini, sendhang kapit pancuran. Jlentrehake apa kang diarani ontang-anting, kedhana-kedhini, lan sendhang kapit pancuran! 45. Ukara ing ngisor iki saline nganggo aksara

Jawa! Cacahing kecamatan ing kutha Pati ana 21.