Sekar macapat ing ngandhap menika nggambaraken lakunipun gesang manungsa kejawi

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASMARA (SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA) SKRIPSI Dipunaturaken Dhumateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta Minangka Saperangan Prasarat Kangge Pikantuk Gelar Sarjana Pendidikan dening : Ismi Kamilah NIM 09205244008 JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA 2013

ii

iii

iv

SESANTI Aja lunga yen tan wruh ingkang pinaran Aja abukti lamun durung wruha rasane kang pinaran Aja nganggo-anggo ugi, yen durung wikan arane busana di (Serat Dewaruci) v

PISUNGSUNG Kanthi raos syukur dhumateng Allah SWT. karya ilmiah menika kula pisungsungaken dhateng: Bapak kaliyan Ibu kula ingkang sampun paring panyengkuyung saha pandonga. vi

vii

vii

viii

WOSING ISI Kaca IRAH-IRAHAN..... PASARUJUKAN... PANGESAHAN... WADHARAN...... SESANTI.... PISUNGSUNG..... PRAWACANA..... WOSING ISI.... DHAFTAR TABEL.... DHAFTAR LAMPIRAN.. SARINING PANALITEN...... i ii iii iv v vi vii ix xi xii xiii BAB I PURWAKA..... 1 A. Dhasaring Panaliten..... 1 B. Underaning Perkawis... 5 C. Watesaning Perkawis... 6 D. Wosing Perkawis..... 6 E. Ancasing Panaliten.... 6 F. Paedahing Panaliten..... 7 BAB II GEGARAN TEORI..... 8 A. Psikologi lan Sastra... 8 B. Struktur Kepribadian... 1. Id (Das Es)... 2. Ego (Das Ich)... 14 14 16 3. Superego (Das Uber Ich)... 17 ix

D. Konflik... E. Panaliten ingkang Jumbuh... F. Cengkoronganing Pikir... 19 23 24 BAB III CARA PANALITEN....... 26 A. Pendekatan......... 26 B. Fokus Panaliten...... 26 C. Sumber Data Panaliten......... 26 D. Cara Ngempalaken Data...... 27 E. Pirantining Panaliten...... 28 F. Keabsahan Data... 29 G. Cara Analisis Data... 30 BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREМBAGANIPUN... 31 A. Asiling Panaliten... 31 1. Wujudipun Konflik Psikologis wonten ing novel Adiling 32 Pangeran... 2. Sebabipun Konflik saha Pungkasaning Konflik wonten 35 ing Novel Adiling Pangeran... B. Pirembaganipun... 46 1. Wujudipun Psikologis nalika Konflik wonten ing novel 46 Adiling Pangeran... 2. Sebabipun saha Pungkasaning Konflik wonten ing 90 Novel Adiling Pangeran... BAB V PANUTUP... 149 A. Dudutan..... 149 x

C. Implikasi...... 150 D. Pamrayogi... 151.. KAPUSTAKAN....... 152 LAMPIRAN. 154 xi

DHAFTAR TABEL Kaca Tab Wujudipun Psikologis nalika Konflik wonten ing Novel el 1 Adiling Pangeran Anggitanipun Any Asmara... 32 Tab Sebabipun saha Pungkasaning Konflik wonten ing Novel el 2 Adiling Pangeran Anggitanipun Any Asmara... 35 xii

DAFTAR LAMPIRAN Halaman Lampiran Sinopsis Novel Adiling Pangeran...... 1 1 54 Lampiran Tabel Analisis Wujudipun Psikologis nalika Konflik, 1 2 Sebabipun saha Pungkasaning Konflik wonten ing Novel Adiling Pangeran Anggitanipun Any Asmara. 55 xiii

PENOKOHAN WONTEN ING NOVEL ADILING PANGERAN ANGGITANIPUN ANY ASМARA SATUNGGALING TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA Dening Ismi Kamilah NIМ 09205244008 SARINING PANALITEN Panaliten ingkang ancasipun kangge ndheskripsekaken Wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara kanthi migunakaken teori psikoanalisis Sigmund Freud. Panaliten menika migunakaken pendekatan psikologi sastra kanthi migunakaken teori psikoanalisis Sigmud Freud. Sumber dhata wonten ing panaliten menika inggih menika novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara, kanthi wosing perkawis Wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang dipunlampahi dening sedaya paraga. Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken inggih menika maos lan nyathet, lajeng dipunanalisis lan dipunandharaken kanthi deskriptif. Keabsahan data pikantuk saking validitas semantis lan reliabilitas intrarater kanthi cara maos lan neliti subjek panaliten kanthi wongsal-wangsul ngantos pikantuk data ingkang konsisten, saha reliabilitas interrater, inggih menika kanthi nglampahi tanya jawab kaliyan dosen pembimbing lan kancanipun ingkang dipunwastani nggadhahi pangertosan babagan psikologi sastra. Asiling panaliten antawisipun: 1) wujudipun psikologis nalika konflik; 2) sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang kedadosan wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. Sedaya paraga ingkang karembag wonten ing panaliten menika inggih menika, Yanto, Yatun, Pak Karyo, Erlinah, Pak Suradiman, saha Sutopo. Wujudipun psikologis nalika konflik ingkang kalampahan dening para paraga inggih menika, sedhih, meri (iri), kuciwa, nekad, sadhar, bingung, kaget, grogi, mareming manah, ajrih, berontak, kuwatos, keduwung, pasrah, duka, isin, mangkel, trenyuh, saha males. Temuan wonten ing panaliten menika inggih menika struktur kepribadian Sigmund Freud inggih menika id, ego, lan superego ingkang wonten ing sedaya paraga ing novel Adiling Pangeran. Struktur Kepribadian id, dipunwakili wujud konflik sedhih, ego dipunwaliki wujud konflik kuwatos, lajeng superego dipunwakili wujud konflik sadhar. Saking struktur kepribadian menika, ingkang langkung dominan inggih menika id. Nalika id wonten, lajeng nuwuhaken ego saha superego. Sebabipun saha pungkasaning konflik dipunandharaken mawi cara njlentrehaken sebabipun konflik, lajeng nuwuhaken Wujudipun psikologis nalika konflik, lan kapungkasan kanthi pungkasaning konflik ingkang kedadosan. Kata-kata kunci: novel, paraga, konflik, psikologi sastra. xiv

BAB I PURWAKA A. Dhasaring Panaliten Novel inggih menika karya sastra prosa ingkang arupi cariyos ingkang dawa lan saged nuwuhaken kedadosan saking alur, paraga, lan latar utawi papanipun ingkang kompleks utawi jangkep. Sipatipun novel ingkang kompleks utawi jangkep (Sayuti, 2000: 10) paring kalodhangan dhateng panganggit kangge ngandharaken kawontenan para paraga wonten ing karyanipun. Ewadene novel menika karya fiksi utawi reka-reka, ananging gambaran paraga wonten ing novel kados dene manungsa ingkang sejatosipun. Saengga hakekatipun ing antawisipun aspek fisiologis, sosiologis, lan psikologisipun. Dipuntingali saking segi fisik, tuladhanipun nggambaraken yuswanipun, pasuryanipun, werni kulitipun, lan rikmanipun. Saking segi sosiologisipun, paraga saged katingal saking gambaran pakaryanipun lan sedaya lingkungan gesangipun wonten ing masarakat. Lajeng saking segi psikis, paraga saged katingal lumantar gambaran gejala-gejala penggalihipun, raosipun, lan kekajenganipun saengga pamaos saged mangertosi kadospundi watak paraganipun. Kawontenan paraga wonten ing satunggaling novel menika perkawis ingkang penting, amargi kawontenan paraga paedahipun boten namung minangka tiyang ingkang ngasta cariyos, ananging ugi paring nyawa dhateng karya sastra (novel). Konflik-konflik ingkang dipunasta dening paraga saged paring pagesangan ingkang dinamis, utawi wonten gandheng raketipun antawis aluripun lan wosipun, saengga pamaos saged ngraosaken lan mangertosi alur cariyosipun. 1

Pangrembakaning novel Jawi sampun nate manggihi masa kebuntuan utawi wekdal ingkang boten lancar rikala taun 1990-an, nalika pangayom istana sampun boten saged paring upah dhateng pujangga ingkang sejatosipun sastrawan istana ingkang kedah nyerat kangge raja lan kerajan (Pradopo lumantar Utomo, 2002: vi). Panganggit nalika semanten nggantos objek pamaos dhateng rakyat, amargi piyambakipun sampun wonten ing njawi istana. Objek pamaos dhateng rakyat, ateges ngetrepaken ugi wosipun lan gaya utawi cara panyeratipun miturut kekajenganipun rakyat ingkang sejatosipun kathah-kathahipun taksih sinau maos. Nalika semanten (panganggit sastra picisan (sastra Jawi) nate tuwuh subur rikala taun 1960 1970an), kathah panganggit ingkang ngasilaken novel namung dados karya panglipur kemawon. Wontenipun novel-novel ingkang ukuranipun alit lan reginipun mirah asring dipunsebat minangka sastra picisan. Panganggenipun tembung picisan amargi karya sastra kasebat reginipun setunggal picis utawi sedasa sen nalika jaman rumiyin, dene wosipun saking karya sastra kasebat dipunwastani murahan utawi boten nggadhahi mutu ingkang sae. Tema-tema ingkang dipunsuguhaken asring ngginakaken kisah romansa utawi katresnan. Kisah romansa (romance) inggih menika novel utawi cariyos ingkang titikanipun biasanipun ngengingi bab lelampahan kapahlawanan lan kasmaran kanthi gambaran ngengingi katresnan sarta paraga ingkang ayu lan bagus pidheksa (Utomo, 2002: 19). Lajeng gambaran wonten ing sampul karya sastra kasebat ingkang dipunwastani boten seronok. Sastra picisan wonten ing sastra Jawi dipunwastani kanthi istilah panglipur wuyung utawi panglipur manah. Karya sastra ingkang dipunripta namung 2

minangka pirantos ingkang paedahipun kangge nglipur manah ingkang saweg sedhih (Utomo, 2002: 52-53). Panganggit sastra picisan ingkang langkung katingal nalika semanten salah satunggalipun inggih menika Any Asmara (AA). Bapakipun sastrawan Imam Budi Santosa menika panyerat novel Jawi nalika taun 1950-1987 lan sampun ngasilaken karya sastra ingkang cacahipun atusan. Karya-karyanipun AA lajeng boten namung dipunlalekaken kemawon. Ewadene kathah-kathahipun karyakaryanipun arupi sastra picisan, ananging kawontenanipun saged ngisi khasanah sastra Jawi ingkang kala rumiyin boten nggadhahi sastrawan kanthi karya sastra ingkang mutunipun sae. Wontenipun AA saged nyengkuyung sastrawan Jawi kangge makarya ing wekdal samenika. Wonten ing panaliten menika badhe ngandharaken babagan aspek psikologis saking para paraga wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. Anggenipun mendhet objek menika (miturut wiwit maos) amargi para paraga ingkang dipunwontenaken dening AA nggadhahi kompleksitas ingkang jangkep, inggih menika alur ingkang runut, sistematis, lan logis. Panganggenipun basa wonten ing pacelathon antawis paraga ugi sampun sae, ateges trep kaliyan tata basa Jawi. Beda kaliyan karya-karya panglipun wuyung kala rumiyin (Gerombolan 13, Gagak Mataram, Gagak Ngampar, lan sanes-sanesipun) utawi panganggit panglipur wuyung sanesipun, ingkang wonten ing karyanipun aluripun kadhang kala boten logis lan asring ngginakaken tembung ndilalah saha panganggening tata basa ingkang dipuncampur antawis basa ngoko lan krama. 3

Kompleksitas paraga wonten ing novel Adiling Pangeran langkung ngandharaken babagan aspek psikologis (kapribadenipun paraga). Perkawis menika saged dipuntingali saking wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang kedadosan dening para paraganipun. Karakter utawi watak ingkang katingal saking konflik kanthi cara ingkang jangkep ngemu teges pangertosan pamaos dhateng kapribaden saking paraga kasebat. Pramila, analisis psikologi sastra (struktur kepribadian) boten saged uwal saking wontenipun para paraga sarta konflik ingkang kalampahan wonten ing karya sastra. Santrock (lumantar Minderop, 2010: 4) ngandharaken bilih kapribaden inggih menika perkawis ingkang ngemot babagan penggalih, pangraos, lan tingkah laku sarta karakteristik utawi watakipun manungsa ingkang nyukani pirsa caranipun anggenipun gesang sesarengan kaliyan tiyang sanes wonten ing pagesangan. Kanthi mekaten, pakempalan saking watak-watak ingkang dipunbekta dening paraga menika kapribaden ingkang hakiki. Analisis lumantar penokohan saged mangertosi karakter utawi watak paraga. Panganggening disiplin ngelmu psikoanalisis Sigmund Freud dados teori kangge njlentrehaken gejala kejiwaan utawi wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang kalampahan dening para para wonten ing novel Adiling Pangeran. Kathah tiyang ingkang ngginakaken psikoanalisis wonten ing sastra, amargi psikoanalisis mula bukanipun metode utawi cara terapi kanthi ancasipun medis. Ananging, Freud ngandharaken bilih psikoanalisis saged dipunginakaken kangge 4

sedaya asiling karya sastra manungsa. Kanthi mekaten, cara psikoanalisis saged mbiyantu kangge mangertosi badanipun piyambak lan mangertosi pagesangan. Adhedhasar kasebat, kajian menika dipunlampahi. Kajian menika kangge mangertosi utawi kangge ngregani dhateng karya-karyanipun AA ingkang dipunwastani minangka karya panglipur wuyung. Langkung utami, kajian menika dipunlampahi kangge nambahi pangertosan babagan studi sejarah sastra Jawi ingkang saged dados gambaran paraga novel-novel panglipur wuyung kala rumiyin. B. Underaning Perkawis Adhedhasar dhasaring panaliten wonten ing inggil kasebat, wonten perkawisperkawis ingkang badhe dipuntliti gayut kaliyan Penokohan wonten ing Novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara, inggih menika. 1. Wujudipun psikologis nalika konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. 2. Sebabipun konflik ingkang kedadosan wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. 3. Pungkasaning konflik ingkang kedadosan wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. 4. Perwatakan paraga-paraga wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. 5

C. Watesaning Perkawis Tumuju panaliten ingkang fokus lan wonten gayutipun kaliyan pokoking perkawis, boten sedaya perkawis badhe dipunteliti. Pramila panaliten menika badhe ngrembag babagan (1) wujudipun psikologis nalika konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara, lan (2) sebabipun konflik saha pungkasaning konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. D. Wosing Perkawis Supados tujunipun panaliten menika langkung fokus, perkawis ingkang badhe dipuntliti wonten ing panaliten menika saged dipunrumusaken kanthi pitakenan mekaten. 1. Kados pundi wujudipun psikologis nalika konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara? 2. Menapa kemawon sebabipun saha pungkasaning konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara? E. Ancasing Panaliten Panaliten menika nggadhahi ancas kangge mangsuli pitakenan wonten ing wosing perkawis wonten ing inggil, inggih menipa kangge. 1. Ngandharaken menapa kemawon wujudipun psikologis nalika konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. 6

2. Ngandharaken menapa kemawon sebabipun saha pungkasaning konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. F. Paedahing Panaliten Panaliten menika nggadhahi paedah, ing antawisipun paedah teoritis lan paedah praktis. Supados langkung cetha, kalih paedah menika dipunandharaken mekaten. 1. Paedah Teoritis Kanthi teoritis panaliten menika paedahipun inggih menika kangge nambahi pangertosan ngengingi bab wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang kedadosan wonten ing kajian karya sastra minangka salah satunggaling panaliten ingkang jumbuh wonten ing salebeting kritik sastra. 2. Paedah Praktis Kanthi praktis asiling panaliten menika nggadhahi paedah kangge ngandharaken jumbuhipun teori psikologi wonten ing panaliten sastra, inggih menika nambahi pangertosan ingkang gayutipun kaliyan karya sastra. Kejawi menika, asiling panaliten menika saged ugi dipundadosaken bahan tetandhingan kangge panaliten-panaliten salajengipun ingkang gegayutan kaliyan panaliten menika. 7

BAB II GEGARAN TEORI A. Psikologi lan Sastra Dipuntingali saking ngelmu basa, tembung psikologi mula bukanipun saking Basa Yunani, inggih menika psyche lan logos. Tembung psyhes tegesipun inggih menika jiwa utawi ruh, lan tembung logos tegesipun inggih menika ngelmu utawi ilmu pengetahuan. Dados psikologi inggih menika ngelmu kangge mangertosi kawontenan jiwa utawi ruhing manungsa. Trep kaliyan ngendikanipun Atkinson (lumantar Minderop, 2011: 3) bilih psikologi berarti ilmu jiwa atau ilmu yang menyelidiki dan mempelajari tingkah laku manusia. Sedhih, meri (iri), kuciwa, nekad, sadhar, bingung, lan sapanunggalanipun, menika sedaya kelebet ing babagan psikologis ingkang kalampahan dening manungsa utawi dening paraga ing salebeting cariyos. Pangandikan sanes ingkang nyengkuyung kaliyan ngendikanipun Minderop, inggih menika wonten ing bukunipun Wiyatmi kanthi irah-irahan Psikologi Sastra. Miturut Walgito (lumantar Wiyatmi, 2011: 2), bilih psikologi merupakan suatu ilmu yang meneliti serta mempelajari tentang perilaku atau aktivitas-aktivitas yang dipandang sebagai manifestasi dari kehidupan psikis manusia. Ateges, psikologi inggih menika ngelmu ingkang neliti lan mangertosi tingkah laku lan lelampahan-lelampahan ingkang dipunsebat minangka asiling utawi andharan-andharan saking pagesangan psikis manungsa. Ngelmu psikologi menika ancasipun kangge ngandharaken kawontenan kejiwaan paraga-paraga wonten salebeting karya sastra. Kados dene ingkang dipunandharaken dening Ratna (2004: 342), bilih Secara definitif tujuan 8

psikologi sastra adalah memahami aspek-aspek kejiwaan yang terkandung dalam suatu karya sastra. Ateges, psikologi sastra inggih menika sarana kangge mangertosi kawontenan utawi aspek-aspek kejiwaan saking paraga-paraga ingkang kamot wonten ing karya sastra. Karya sastra paring pangertosan dhateng masarakat kanthi boten langsung. Lumantar mangertos dhateng paraga-paraga wonten ing karya sastra, tuladhanipun masarakat saged mangertosi owahipun, lan lelampahan-lelampahan ingkang boten trep ingkang kedadosan wonten ing masarakat, khususipun ingkang gegayutan kaliyan psike (jiwa). Мiturut Hardjana (1985: 66) ngandharaken, bilih ngelmu psikologi kangge mangertosi tingkahing laku para paraga wonten ing salebeting karya sastra. Andharan menika dipunsengkuyung dening Siswantoro (2005: 26), bilih Psikologi sebagai ilmu jiwa yang menekankan perhatian studinya pada manusia, terutama pada perilaku manusia (human behavior or action). Dados ngelmu psikologi inggih menika dipunginakaken kangge mangertosi kawontenan jiwanipun para paraga kanthi cara ningali tingkah lakunipun manungsa ingkang kalampahan wonten ing salebeting karya sastra. Wiwit andharan-andharan saking para ahli wonten ing inggil menika, saged kadudut, bilih psikologi inggih menika ngelmu kangge mangertosi babagan jiwa (kejiwaan) wonten ing gesanging manungsa. Mliginipun wonten ing babagan psikologi sastra, inggih menika gesanging manungsa wonten ing salebeting karya sastra. Lelampahan-lelampahan lan tingkah lakunipun manungsa menika mujudaken wangsulan utawi respon saking menapa ingkang kedadosan dhateng piyambakipun. 9

Jiwa inggih menika perangan saking manungsa ingkang boten saged katingal. Ewadene boten saget katingal mawi mripat ingkang kados umumipun, ananging jiwa menika wonten. Wontening jiwa menika katedahaken sarana wontening rasa. Raos ingkang mapan wonten ing salebeting batos kados dene raosipunraosipun, penggalih lan pepenginan, ing salebeting donyaning fiksi utawi karya sastra (Endraswara, 2008: 18). Dados, jiwa menika saged dipumangertosi lumantar raos-raos ingkang wonten ing salebeting batos kanthi cara ngandharaken wonten ing ing satunggaling karya sastra. Saged kadudut bilih karya sastra menika wonten amargi raos, kekajengan, gagasan utawi penggalihipun ingkang wonten ing salebeting batosipun panganggit utawi saking para paraganipun, lan dipunserat ingkang awujud karya sastra menika. Lelampahan-lelampahan ingkang katindakaken dening manungsa menika nggambaraken kawontenan jiwanipun manungsa kasebat. Manungsa, utawi wonten ing salebeting karya sastra, mliginipun novel inggih menika paraga, gampil sanget menawi badhe dipuntingali lan dipunmangertosi kawontenan jiwanipun. Tuladhanipun, nangis. Nangis biasanipun nggambaraken kawontenan jiwanipun paraga ingkang saweg sedhih, sisah, trenyuh, lan nelangsa. Ewadene nalika saweg bingah ugi saged dipungambaraken kanthi nangis (tangisan bahagia). Wonten tigang cara ingkang dipunlampahi kangge mangertosi gayutipun antawis psikologi kaliyan sastra. Ingkang kaping setunggal, inggih menika mangertosi unsur-unsur kejiwaan pangripta minangka panyerat, ingkang kaping kalih inggih menika, mangertosi unsur-unsur kejiwaan paraga-paraga fiksional (reka-reka) wonten ing karya sastra, lan ingkang kaping tiga inggih menika 10

mangertosi unsur-unsur kejiwaan pamaos. Ananging umumipun psikologi sastra langkung maringi wigatosipun dhateng perkawis kejiwaan para paraga fiksional (reka-reka) ingkang kamot wonten ing karya sastra (Ratna 2004: 343). Wonten ing panaliten menika mliginipun badhe ngrembag babagan psikologis ingkang nomer kalih, inggih menika ngrembag babagan ingkang gegayutan kaliyan unsurunsur kejiwaan paraga-paraga fiksional ingkang kamot wonten ing salebeting karya sastra. Minderop (2011: 54), ngandharaken bilih Psikologi sastra adalah telaah karya sastra yang diyakini mencerminkan proses dan aktivitas kejiwaan. Sarujuk kaliyan Minderop, wonten ing bukunipun Endraswara kanthi irah-irahan Metode Penelitian Psikologi Sastra (2008: 7-8), ngandharaken bilih, psikologi sastra dipunwastani penting sanget amargi, ingkang kaping setunggal, karya sastra inggih menika asil saking kawontenan kejiwaan lan penggalihipun panganggit ingkang wonten ing salebeting kawontenan setengah sadhar (subconsicious), lajeng dipunandharaken kanthi gamblang wonten ing salebeting kawontenan ingkang sadhar (consicious) nalika ngripta satunggaling karya sastra. Ateges, proses ngripta karya sastra kalampahan wonten kalih perangan, inggih menika nalika ngracik ide-ide utawi gagasan menika ing wekdal kawontenan ingkang imajinatif utawi abstrak, lajeng dipunpindhahaken ing panyeratipun karya sastra ingkang asipat konkritisasi utawi kawontenan ingkang kasunyatan. Ingkang kaping kalih, mutu satunggaling karya sastra menika dipuntemtokaken dhateng perangan ingkang nomer setunggal, inggih menika nalika wonten ing kawontenan sadhar. Saged ugi bilih nalika wonten ing 11

kawontenan kaping setunggal gagasan menika sae sanget, ananging nalika dipuncakaken wonten ing kawontenan ingkang kaping kalih andadosaken bubrah utawi boten sae, saengga mutunipun karya sastra kasebat gumantung sanget wonten ing pangripta piyambak anggenipun ngracik lan dipunandharaken kanthi basa ingkang gampil dipunmangertosi. Ingkang kaping tiga, boten namung ngandharaken proses ngracik karya sastranipun, dene makna, lan falsafah wonten ing salebeting karya sastra ugi penting sanget dipunmangertosi. Saking andharan wonten ing inggil menika saged katingal bilih gayutipun antawis nalika ngripta karya sastra lan kawontenan (alam) ingkang boten sadhar kaliyan pagesangan ingkang psikis andadosaken satunggaling asil ingkang awujud karya sastra. Sejatosipun, menawi karya sastra menika awujud ingkang riil utawi konkret (nyata), ananging nalika ngracik nalika ide taksih wonten ing angenangen menika awujud abstrak. Wonten ing bab menika ingkang badhe dipunginakaken kangge neliti Penokohan wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara inggih menika psikologi ingkang khusus, inggih menika psikologi kepribadian. Kados dene ingkang dipunandharaken dening Wellek lan Warren (1990: 90), psikologi sastra nggadhahi sekawan pangertosan. Ingkang kaping setunggal, inggih menika studi psikologi pengarang (panganggit) minangka pribadi. Ingkang kaping kalih, inggih menika studi proses kreatif. Ingkang kaping tiga, inggih menika studi tipe lan hukum-hukum psikologi ingkang dipuncakaken wonten ing karya sastra. Lan ingkang kaping sekawan, inggih menika mangertosi dampak (akibatipun) sastra dhateng pamaos. Wonten ing pangertosan ingkang kaping tiga 12

menika, sejatosipun ngandharaken kadospundi psikologi saged dipunginakaken kangge ngecakaken lan mbiji karya sastra. Wonten ing babagan menika, Wellek lan Warren paring tuladha kadospundi paraga-paraga wonten ing karya sastra (wonten ing panaliten menika inggih menika novel) dipuntingali menapa sampun leres kanthi psikologis. Wonten ing panaliten menika sedaya paraga wonten ing novel Adiling Pangeran dados objek lan ancasing panaliten. Kados dene ingkang dipunandharaken dening Ratna (2004: 343) bilih wonten ing analisis, umumipun ingkang dados ancasipun inggih menika paragatama, paraga ingkang nomer kalih, paraga ingkang nomer tiga, lan salajengipun. Dados, boten namung paragatama kemawon ingkang badhe dipunjlentrehaken ingkang gegayutan kaliyan panaliten menika, ananging sedaya paraga ingkang mlebet wonten ing Wujudipun psikologis nalika konflik ingkang kedadosan ugi badhe dipunandharaken. Ancasing panaliten menika inggih menika badhe ngandharaken babagan wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik wonten ing satunggaling novel, ingkang tiga-tiganipun menika gegayutan antawis setunggal kaliyan sanesipun. Boten wonten Wujudipun psikologis nalika konflik ingkang kadadosan menawi boten wonten sebabipun. Lajeng saking sebab lan wujudipun psikologis nalika konflik ingkang kadadosan menika kedah wonten pungkasaning konflik wonten ing salebeting novel ingkang badhe dipunteliti kasebat. Pramila paneliti badhe ngandharaken babagan konflik, wiwit saking sebabipun, wujudipun, saha pungkasaning konflik ingkang kedadosan. 13

B. Struktur Kepribadian Miturut Freud (lumantar Endraswara, 2003: 101), bilih kapribaden kaperang dados tigang unsur kejiwaan, inggih menika: id, ego, lan superego. Tiga-tiganipun menika gegayutan antawis ingkang setunggal kaliyan ingkang sanesipun, samisami njangkepi, lan asiling saking id, ego, lan super ego inggih menika tingkah lakunipun manungsa. a). Id (Das Es) Id, utawi das es, dipunsebat System der Unbewussten. Miturut Endrasawara (2003: 101), bilih Id (das es) adalah sistem kepribadian manusia yang paling dasar. Id wosipun inggih menika menapa kemawon ingkang kanthi psikologis sampun wonten nalika lair, kalebet insting-insting. Id menika wonten ing salebeting alam bawah sadar, ingkang arupi insting-insting lan nepsu-nepsu. Sarujuk kaliyan andharanipun Wiyatmi (2011: 6), Id berkaitan dengan ketidaksadaran yang merupakan bagian yang primitif dari kepribadian, yang mencakup insting seksual dan insting agresif. Id inggih menika naluri psikis ingkang njalari manungsa supados saged nyekapi kabetahan ingkang dhasar, kados dene nedha, seks, lan nolak raos ingkang kirang trep. Miturut Koeswara (1991: 32), id inggih menika sistem ingkang tumindak kangge paring kekiyatan ingkang dipunbetahaken dhateng ego lan superego kangge menapa kemawon ingkang dipunlampahi. Id, cara makaryanipun adhedhasar prinsip kenikmatan (pleasure principle), inggih menika tansah pados kanikmatan lan tansah ngindhari raos ingkang boten sekeca utawi menapa 14

kemawon ingkang boten trep kaliyan ingkang dipunkajengaken. Tegangan, utawi raos boten sekeca inggih menika satunggaling kawontenan ingkang boten ngremenaken. Hall lan Linzey (1993: 64) ngandharaken, kangge ngicalaken ketegangan kasebat lan nggantos kaliyan raos ingkang sekeca, id nggadhahi kalih cara. Cara ingkang kaping stunggal inggih menika reflex action utawi tindakantindakan refleks, inggih menika salah satunggaling tingkah laku utawi lelampahan ingkang cara makaryanipun kanthi otomatis lan enggal-enggal. Reflex action menika sampun wonten nalika lair, tuladhanipun kedheping mripat, watuk, wain, lan ambegan. Ingkang kaping kalih inggih menika proses primer, utawi cara ingkang dipunlampahi kanthi mbayangaken menapa kemawon ingkang saged ngirangi utawi ngicalaken tegangan, tuladhanipun inggih menika menawi sampun kepengin nedha sanget lajeng mbayangaken tetedhan ingkang eca. Ngimpi, lamunan, lan halusinasi psikotik inggih menika tuladha saking proses damel gambaran objek ingkang saged ngirangi tegangan ingkang dipunsebat pemenuhan hasrat (wish fulfillment). Awit saking andharanipun para ahli kala wau, saged dipunmangertosi bilih id inggih menika sistem kapribaden manungsa ingkang langkung andhap, ingkang gegayutan kaliyan ketidaksadaran lan gegayutan kaliyan naluri seksual lan naluri ingkang agresif. Id namung saged mbayangaken menapa ingkang dipunkajengaken, tanpa mbedakaken pundi ingkang khayalan kaliyan pundi ingkang kasunyatan. Id boten saged mbiji lan mbedakaken ingkang leres lan ingkang lepat, lan boten mangertos moral. Kanthi mekaten, individu mbetahaken sistem sanesipun ingkang saged ngarahaken kangge ngirangi tegangan ingkang 15

kanthi nyata, ingkang saged paring kanikmatan lan saged puwas tanpa nuwuhaken perkawis ingkang gegayutan kaliyan moral. Sistem ingkang dipunbetahaken inggih menika ego. b). Ego (Das Ich) Ego inggih menika sistem kapribaden ingkang tumindak ngarahaken individu dhateng donyanipun objek saking kasunyatan, lan nglampahi paedahipun kanthi prinsip kenyataan (reality principle) (Koeswara, 1991: 33-34). Ego menika ngrembakanipun saking id, lan ego paring kepuwasan ingkang dipunsuwun dhateng id kanthi nyata, boten namung lamunan lan khayalan kemawon. Ego dipunsebat system der Bewussten Verbewussten dening Freud. Miturut Hall lan Lindzey (1993: 65), bilih Ego timbul karena kebutuhan-kebutuhan organisme memerlukan transaksi-transaksi yang sesuai dengan dunia kenyataan objektif. Beda kaliyan id ingkang namung dumugi mbayangaken tetedhan nalika kepengin sanget nedha, ananging ego ugi nglampahi kadospundi caranipun supados tetedhan menika saestu dipuntedha dhateng kita. Hall lan Lindzey (1993: 65), nambahi malih, bilih Perbedaan pokok antara id dan ego ialah bahwa id hanya mengenal kenyataan subjektif jiwa sedangkan ego membedakan antara hal-hal yang terdapat dalam batin dan hal-hal yang terdapat dalam dunia luar. Id namung mangertosi donyaning batos (subyektif), dene ego boten namung mangertosi donyaning batos, ananging ugi mangertosi donya ingkang kasunyatan (obyektif, realita). Ego wonten ing antawis alam sadar lan alam bawah sadar. Paedahing ego, miturut Sujanto lkk (1993: 61), bilih das ich berpegang pada prinsip 16

kenyataan atau prinsip realita dan bereaksi dengan proses sekunder. Proses sekunder menika proses berpikir realitas. Ateges, kanthi migunakaken proses sekunder ego kangge mangertosi menapa rencana pemuasan kebutuhan menika kasil menapa boten. Tuladhanipun, tiyang ingkang kepengin nedha, badhe ngrencanakaken wonten pundi tiyang menika pados tetedhan, lajeng tumuju dhateng papan ingkang wonten tetedhan menika kangge mangertosi menapa rencana kasebat kasil utawi cocok kaliyan realita utawi kasunyatan menapa boten. Lelampahan ingkang kados menika dipunsebat kanthi reality testing. Das Ich saged ugi dipunsebat minangka aspek eksekutip saking kapribaden, kanthi mekaten Das Ich menika saged ngontrol menapa ingkang dipunlampahi, milih kabetahan-kabetahan ingkang saged dipuncekapi sarta caranipun kangge nyekapi kebetahan, lan saged milih obyek-obyek utawi papan pundi kemawon ingkang saged kangge nyekapi kebetahan. Nalika nglampahi paedah menika, asring sanget ego (Das Ich) kedah manunggalaken tetandhingan-tetandhingan antawis id lan superego. Ananging kedah dipunmangertosi, bilih ego (Das Ich) inggih menika wonten amargi kangge njangkepi kabetahan saking id. c). Superego (Das Ueber Ich) Miturut Hall lan Lindzey (1993: 67), bilih Super ego adalah perwujudan internal dari nilai-nilai dan cita-cita tradisional masyarakat sebagaimana diterangkan orang tua kepada anak, dan dilaksanakan dengan cara memberinya hadiah-hadiah atau hukuman-hukuman. Kangge pikantuk hadiah-hadiah lan ngindhari paukuman-paukuman, si anak dipungladhi supados tingkah lakaunipun 17

katujokaken dhateng menapa ingkang kedahipun dipunlampahaken jumbuh kaliyan garis-garis utawi tata cara saking tiyang sepuhipun. Sarujuk kaliyan Hall lan Lindzey, Sujanto lkk ugi nambahi, bilih superego saged dipunsebat aspek moral saking kapribaden (Sujanto lkk, 1993: 62). Paedahing superego ingkang pokok inggih menika, nemtokaken menapa ingkang leres utawi menapa ingkang lepat, trep menapa boten trep, pantes menapa boten pantes, kanthi mekaten si anak saged tumindak ingkang leres kaliyan moral masarakat. Dados superego wosipun wonten kalih perkawis, inggih menika conscientia lan Ich-ideal. Conscientia inggih menika paring paukuman dhateng tiyang kanthi efek jera, dene Ich-ideal inggih menika paring hadhiah dhateng tiyang kanthi bangga dhateng piyambakipun. Gayutipun antawis id, ego, lan superego, awit saking menika, saged kadudut bilih kanthi umum, id saged dipunsebat minangka komponen biologis kepribadian, dene ego minangka komponen psikologis, lan superego minangka komponen sosialipun. Miturut Sujanto lkk (1993: 59), Kendatipun ketiga aspek itu masing-masing mempunyai fungsi, sifat komponen, prinsip kerja, dan dynamika sendiri-sendiri, namun ketiganya berhubungan dengan rapatnya sehingga sukar (tidak mungkin) untuk memisah-misahkan pengaruhnya terhadap tingkah laku manusia; tingkah laku selalu merupakan hasil kerja sama dari ketiga aspek itu. Ewadene tiga-tiganipun nggadhahi paedah ingkang beda-beda, ananging tiga-tiganipun gegayutan sanget kaliyan tingkah laku manungsa, lan tingkah laku manungsa menika tansah dipunasilaken saking id, ego, lan superego. 18

C. Konflik Konflik (conflict), miturut kamus istilah sastra (Zaidan dkk, 1994: 205), inggih menika pertentangan antara kedua kekuatan dalam cerita rekaan, drama atau sajak klasik. Konflik, menika ateges tetandhingan antawis kalih kekiyatan wonten ing salebeting karya sastra ing antawisipun cariyos ingkang reka-reka, drama, utawi sajak klasik. Sarujuk kaliyan Wellek lan Warren (lumantar Nurgiyantoro, 2010: 122), bilih konflik menika mujudaken satunggaling lelampahan ingkang ndadosaken tetandhingan antawis kalih kakiyatan ingkang imbang utawi sami-sami kiyat lan mertandhakaken wontening piwales. Konflik ingkang kados mekaten, wonten ing kaca paningalan pagesangan ingkang normal wajar nyata, tegesipun boten wonten ing salebeting cariyos, menika nedahaken dhateng konotasi ingkang negatif lan ateges menapa kemawon ingkang boten ngremenaken lan dipunlampahi dening paraga wonten ing cariyos. Menika sebabipun tiyang langkung sae ngindhari konflik lan kepengin nglampahi pagesangan ingkang tenang, boten manggihi konflik. Konflik saged dipunpanggihi amargi wonten titikanipun, (Dirgagunarsa, 1978: 99), inggih menika. 1. Terjadi pada setiap orang dengan reaksi-reaksi yang berbeda untuk rangsang yang sama, hal ini tergantung pada faktor-faktor yang pribadi sifatnya. 2. Konflik terjadi bilamana motif-motif mempunyai nilai yang seimbang atau kira-kira sama, sehingga menimbulkan kebimbangan dan ketegangan. 3. Konflik akan segera hilang kalau keputusan telah ditetapkan. 4. Konflik dapat berlangsung dalam waktu yang singkat, mungkin beberapa detik, tatapi juga bisa berlangsung lama, berhari-hari, berbulan-bulan, bahkan bertahun-tahun. 19

Titikanipun ingkang saged dipunpanggihi inggih menika, 1) saged kedadosan dhateng tiyang kanthi reaksi-reaksi ingkang beda kangge rangsang ingkang sami, bab menika gumantung saking faktor-faktor ingkang asipat pribadi, 2) konflik saestu kedadosan menawi motif-motif utawi dhorongan-dhorongan nggadhahi nilai ingkang imbang utawi kinten-kinten sami, saengga nyebabaken kebimbangan lan ketegangan, 3) konflik badhe pungkasan menawi putusan sampun dipuntetepaken, lan 4) konflik saged kedadosan ing wekdal ingkang boten dangu, saged namung pinten dhetik, ananging saged ugi dumugi dangu, ngantos dumugi taun-taunan. Konflik dipunbedakaken dados kalih perangan, inggih menika konflik internal lan konflik eksternal. Nurgiyantoro (2010: 124), ngandharaken bilih konflik internal inggih menika konflik ingkang kedadosan wonten ing manah utawi jiwanipun paraga wonten ing karya sastra, dados konflik menika awujud perkawis intern saking manungsa (paraga). Ingkang kalebet wonten ing konflik internal inggih menika Wujudipun psikologis nalika konflik, utawi psychological conflict (konflik kejiwaan). Dene konflik eksternal inggih menika konflik ingkang kedadosan wonten sajawinipun manah utawi jiwanipun paraga wonten ing karya sastra. Konflik eksternal menika awujud konflik fisik lan konflik sosial. Konflik internal saged ugi kedadosan ingkang sumberipun saking konflik eksternal. Sayuti (2000: 14), ngandharaken bilih konflik ingkang kedadosan wonten ing salebeting cariyos dipunbedakaken dados tiga. Konflik ingkang kaping setunggal, inggih menika konflik sosial utawi social conflict, inggih menika konflik antawis setunggal tiyang utawi tiyang-tiyang wonten ing satunggaling masarakat. Konflik 20

ingkang kaping kalih, inggih menika konflik antawis manungsa lan alam ingkang asring dipunsebat kanthi physical or element conflict utawi konflik fisik utawi alamiyah, ingkang biasanipun wonten nalika paraga boten saged manfangataken utawi ngginakaken alam ingkang wonten ing sakiwa tengenipun kanthi kadospundi kedahipun. Konflik ingkang kaping tiga, inggih menika konflik psychological conflict (konflik kejiwaan) utawi Wujudipun psikologis nalika konflik. Wujudipun psikologis nalika konflik inggih menika konflik ingkang wonten ing tiyang menika piyambak (paraga), ingkang biasanipun awujud perjuanganipun paraga kangge nglawan paraga menika piyambak saengga saged nemtokaken menapa ingkang badhe dipunlampahi. Panaliten wonten ing novel Adiling Pangeran inggih menika awujud panaliten psikologis, saengga ingkang dipunanalisis lan dipunteliti ingkang gegayutan kaliyan bab kejiwaan ingkang dipunlampahi dening sedaya paraga wonten ing novel kasebat wonten ing babagan kulawarga, pakaryan, lan katresnan, ananging kanthi mekaten sebabipun sumberipun saged saking konflik sosial menapa dene konflik fisik. Konflik kejiwaan utawi psikis ingkang dipunlampahi dening paraga-paraga wonten ing novel Adiling Pangeran, salah setunggalipun inggih menika Yanto, ingkang awujud perkawis babagan perjuangan. Piyambakipun nggadhahi semangat, niyat, lan tekad kangge nglajengaken sekolah supados saged dados ABRI Lan dados abdining bangsa lan negari. Perkawis ingkang kedadosan dipunwiwiti nalika Yanto boten dipunpangestoni lan boten dipunragadi dening bapakipun ingkang taksih ngugemi watak ingkang kolot. Miturut bapakipun, tinimbang artanipun dipunangge kangge sekolah, langkung sae kangge mendhet 21

sapi utawi kebo kangge ulah tetanen. Ananging wonten manahipun Yanto, ewadene boten sangu pangestu lan arta saking bapakipun, piyambakipun tetep badhe bidhal saking griyanipun saperlu pados padhahing pikir lan badhe pados papan kangge sekolah samangke. Klimaks saking konflik ingkang dipunlampahi dening Yanto, inggih menika nalika piyambakipun dipuntugasaken perang dhateng dhaerahing mengsah, piyambakipun dipundadosaken tawanan, lan nate badhe dipunukum pejah. Yanto sedhih, amargi menawi dipunukum pejah, ateges piyambakipun ninggal pacanganipun (Erlinah), rayinipun (Yatun), lan ibunipun ingkang boten bosen-bosenipun ngentosi wonten griya. Konflik psikis ingkang dipunlampahi dening Yanto lan paraga-paraga sanesipun menika nggambaraken penokohan wonten ing satunggaling novel ingkang badhe dipunandharaken wonten ing panaliten menika. Konflik kejiwaan utawi psikis wonten ing salebeting karya sastra awujud tetandhingan antawis pangarep-arep lan putus asa, perjuwangan lan boten kasil, nyuwun lan boten paring, wantun lan ajrih, lan sanes-sanesipun. Konflik biasanipun gagayutan sanget kaliyan makna ingkang badhe dipunandharaken dening panganggit ingkang awujud tema cariyos. Kanthi wontening geyutipun antawis tema cariyos lan makna cariyos, pamaos kanthi gampil badhe manggihi lan mangertosi wosing cariyos, maknanipun cariyos, lan pesan amanat ingkang kamot wonten ing satunggaling cariyos. Konflik wonten ing teori psikoanalisis Sigmund Freud dipunandharaken minangka tetandhingan antawis pepenginan utawi dhorongan ingkang sami-sami kosok balen, biasanipun andadosaken ketegangan emosional, utawi duka. 22

Kawontenan konflik inggih menika satunggaling kawontenan nalika manungsa (paraga) ngraosaken bingung lan badhe kadospundi amargi kedah milih antawis kalih utawi langkung saking kalih pilihan ingkang wonten kanthi wekdal ingkang sesarengan. Bingungipun menika dipuntandhani ugi kaliyan wontening ketegangan nalika mutusaken pilihan pundi ingkang badhe dipuncakaken. Adhedhasar andharan konflik wonten ing inggil, saged kadudut bilih konflik wonten ing salebeting karya sastra gegayutan sanget kaliyan penokohan lan tokoh (paraga). Gayutipun antawis konflik lan paraga dipunsebabaken amargi menawi satunggaling cariyos boten badhe kalampahan lan narik tanpa wontening konflik ingkang andadosaken gesanging cariyos saking paraga-paraganipun. Paragaparaga ingkang ndadosaken gesangipun manggihi konflik batos lan konflik kejiwaan. D. Panaliten ingkang Jumbuh Panaliten ingkang jumbuh wonten ing panaliten menika, supados ngindhari indikasi duplikasi, lan ngandharaken bilih panaliten kanthi fokus lan objek panaliten menika dereng nate dipuntliti dening paneliti sases kanthi konteks ingkang sami. Panaliten ingkang jumbuh kaliyan panaliten menika inggih menika. 1. Penokohan dalam Novel Nalika Langite Obah Karya Esmiet (Sebuah Tinjauan Psikologi Sastra) dening Dian Putri Jauhari (awujud skripsi) taun 2009. Panaliten menika ngrembag babagan watak paragatama, sebab-sebab ingkang njalari sikap paraga, ngrembakaning kejiwaan ingkang dipunlampahi 23

paraga, lan bedanipun gejolak jiwa ingkang dipunlampahi dening paraga wonten ing novel Nalika Langite Obah kasebat. 2. Perwatakan Tokoh Utama dalam Novel Astirin Mbalela Karangan Peni Sebuah Tinjauan Psikologi Sastra dening Chendy Mayayuanita M. (awujud skripsi) taun 2011. Panaliten menika ngrembag babagan watak paragatama lan konflik psikis ingkang dipunlampahi paragatama wonten ing Novel Astirin Mbalela. Bab ingkang sami saking kalih panaliten ing inggil menika kaliyan panaliten Penokohan Wonten ing Novel Adiling Pangeran Anggitanipun Any Asmara Satunggaling Tinjauan Psikologi Sastra inggih menika sami-sami ngandharaken babagan psikologi sastra lan sami-sami migunakaken teori Psikoanalisis Sigmund Freud. Ananging ugi wonten bedanipun ingkang langkung mligi, amargi wonten ing panaliten menika ngandharaken babagan wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik wonten ing Novel Adiling Pangeran. E. Cengkoronganing Pikir Novel Adiling Pangeran, inggih menika novel ingkang nggambaraken pagesangan tiyang Jawi ingkang nggadhahi pepenginan supados saged nyepeng menapa ingkang dados cita-citanipun. Wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik paraga-paraga wonten ing novel Adiling Pangeran kasebat saged dipundadosaken minangka fokus panaliten kanthi migunakaken pendekatan psikologi sastra. Pendekatan psikologi ingkang dipunginakaken inggih menika teori psikoanalisis Sigmund Freud. 24

Kangge ngandharaken wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik paraga-paraga wonten ing novel Adiling Pangeran menika, dipunginakaken teori Psikoanalisis Sigmund Freud ingkang ngrembag babagan struktur kepribadian ing antawisipun id, ego, lan super ego. Wujudipun psikologis nalika konflik sebabipun saha pungkasaning konflik dipuntemtokaken jumbuh kaliyan kutipan ingkang dados pratandha wujudipun konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik kasebat. Lajeng dipunandharaken kanthi migunakaken struktur kepribadian Sigmund Freud. 25

BAB III CARA PANALITEN 1. Pendekatan Pendekatan ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika pendekatan psikologi sastra. Miturut (Endraswara, 2003: 96), psikologi sastra adalah kajian sastra yang memandang karya sastra sebagai aktivitas kejiwaan. Pendekatan menika dipunginakaken amargi jumbuh kaliyan ancasing panaliten menika, inggih menika nggambaraken wujudipun konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik wonten ing novel Adiling Pangeran. Teori psikologi sastra ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika ngginakaken teori Psikoanalisis Sigmund Freud. 2. Fokus Panaliten Fokus panaliten psikologi sastra inggih menika aspek kejiwaan (Endraswara, 2008: 68). Pramila, panaliten menika badhe neliti babagan wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang kedadosan wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. 3. Sumber Data Panaliten Sumber data panaliten menika inggih menika novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. Novel menika dipunterbitaken dening Adidjaya, Semarang nalika 21 Nopember 1967. Novel anggitanipun Any Asmara menika kaperang dados 6 sub bab, inggih menika Anteping Ati, Ngulandara, Ngayahi 26

Tugas, Ditawan mungsuh, Oleh Pitulungan, lan Kanugrahaning Widi, kanthi dipunracik ing salebeting 69 kaca. 4. Cara Ngempalaken Data Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika observasi kanthi cara maos, nyerat, lan riset kapustakan. Cara maos menika cara ingkang dipunginakaken kangge pikantuk data kanthi cara maos teks sastra utawi novel Adiling Pangeran kanthi cermat lan tliti. Cara cathet utawi nyerat menika sedaya data ingkang sampun pikantuk saking maos teks lan novel Adiling Pangeran kanthi migunakaken kertu data. Cara kasebat dipunginakaken nyerat data deskripsi ngengingi babagan wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang kedadosaan saking maos novel Adiling Pangeran. Dene cara riset kapustakan inggih menika cara pados data kanthi cara pados, manggihaken, lan ngandharaken buku-buku utawi pustaka minangka sumber sinerat ingkang gegayutan sarta nyengkuyung subjek lan objek panaliten. Data wonten ing novel menika kaimpun saking narasi lan pacelathon ing antawisipun para paraga. Data-data ingkang dipunpanggihi saking maos novel kasebat dipundeskripsekaken, lajeng deskripsi menika dipuncathet. Asiling data ingkang dipuncathet salajengipun dipunkempalaken lan dipunperang-perang miturut aspek-aspek ingkang badhe dipuntliti lan dipunrembag kanthi migunakaken psikologi sastra. 27

5. Pirantining Panaliten Pirantining panaliten wonten ing panaliten menika inggih menika ngginakaken kertu analisis dhata. Kertu dhata dipunginakaken kangge nyerat dhata ingkang sampun dipunpanggihi. Kertu dhata ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika awujud tabel ingkang wosipun arupi kutipan-kutipan ingkang ngemot babagan wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik saking novel Adiling Pangeran. Dene tabel analisis data ingkang dipunginakaken kados dene tabel mekaten. Tabel 1. Data Wujudipun Psikologis nalika Konflik paraga-paraga wonten ing Novel Adiling Pangeran N Wujudipun Struktur Kepribadian Data Katra o. Psikologis nalika Id Eg Super Ego ngan Konflik o Tabel 2. Data Sebabipun saha Pungkasaning Konflik paraga-paraga wonten ing Novel Adiling Pangeran N Sebabipun Konflik Wujudipun Pikologis Pungkasaning o nalika Konflik Konflik 28

6. Keabsahan Data Keabsahan data saking panaliten menika inggih menika migunakaken validitas lan reliabilitas. Data ingkang dipunsamaptakaken dipunudhar lan dipunandharaken kanthi validitas reverensial, inggih menika arupi rujukanrujukan ingkang trep lumantar maos buku-buku, novel ingkang dados objeking panaliten, lan media sanesipun. Kejawi mekaten, supados panaliten menika dados panaliten ingkang valid, dipunbetahaken salah satunggaling priyatun ingkang kagungan ngelmu sastra ingkang sae utawi ngginakaken exper-judgment. Wonten ing panaliten menika, paneliti dipunbiyantu kaliyan pengamat ingkang kagungan kapasitas intelektual lan kapasitas ngelmu sastra ingkang sae inggih menika Dr. Suwardi, M.Hum. Panjenenganipun menika dosen Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa, Jurusan Pendidikan Basaha Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta. Reliabilitas dipunpanggihi kanthi reliabilitas intrarer, inggih menika pengamatan lan maos kanthi wongsal-wangsul supados pikantuk data ingkang asilipun konstan lan dudutanipun. Kejawi menika dipunginakaken reliabilitas intrarater utawi sarujuking antawis pengamat, sarta ngginakaken reprodusibilitas, inggih menika kafokusaken saking asiling panaliten kanthi pengamatan observer ngengingi objek ingkang sami. Sarujuking dipunlampahi ingkang utami kangge kasus-kasus ingkang meragukan lan kedah dipuntimbang-timbang. 29

7. Cara Analisis Data Cara analisis data wonten ing panaliten menika inggih menika migunakaken pendekatan psikologi terhadap sastra. Мiturut Sangidu (lumantar Endraswara, 2008: 74) ngandharaken bilih pendekatan psikologi terhadap sastra adalah suatu pendekatan yang menggambarkan perasaan dan emosi pengarangnya. Dados anggenipun nganalisis raos-raosipun lan emosi saking panganggit ingkang kamot wonten ing salebeting novel utawi karya sastra dipunginakaken ngelmu psikologi. Cara analisis data ingkang dipunginakaken inggih menika, data ingkang dipunpanggihi lumantar nyerat data dipunidentifikasi lan dipunklasifikasikaken jumbuh kaliyan kategori ingkang sampun dipuntemtokaken, lajeng dipuntafsiraken maknanipun kanthi nggayutaken antawis data lan konteksipun. Kanthi mekaten, lumantar cara menika badhe pikantuk gambaran ingkang cetha ngengingi wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang kedadosan wonten ing novel ingkang dipuntliti. Cara kasebat dipuncakaken kanthi cara mekaten. 1. Ngandharaken menapa kemawon wujudipun psikologis nalika konflik ingkang kedadosan wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. 2. Ngandharaken menapa sebabipun saha pungkasaning konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. 30

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREМBAGANIPUN A. Asiling Panaliten Adhedhasar asiling panaliten ingkang dipunlampahi wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara ingkang kasusun ing 69 kaca, pramila saged dipunpanggihi wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasaning konflik ingkang kedadosan. Panaliten dhateng novel Adiling Pangeran menika kalampahan lumantar cara maos, panerjemahipun, lan mangertosi kanthi wongsalwangsul. Dhata ingkang dipunpendhet saking teks novel dipunandharaken wonten ing salebeting tabel ingkang salajengipun dipundeskripsekaken mawi teori ingkang dipunginakaken. Paraga ingkang dipunteliti inggih menika sedaya paraga wonten ing novel, ing antawisipun, Yanto, inggih menika ingkang dados paragatama, Yatun inggih menika rayinipun Yanto, Pak Karyo inggih menika bapakipun Yanto lan Yatun, Erlinah inggih menika pacanganipun Yanto, Pak Suradiman inggih menika komandhanipun Yanto nalika ngayahi tugas, saha Sutopo inggih menika kancanipun Yanto nalika ngayahi tugas. Sedaya paraga menika dipunanalisis saking wujudipun psikologis nalika konflik, sebabipun saha pungkasanipun konflik ingkang kedadosan migunakaken teori psikoanalisis Sigmund Freud. 31

1. Wujudipun Psikologis nalika Konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara. Kaprigelan panganggit kangge milih lan ngawontenaken konflik lumantar saking kathahipun prastawa-prastawa ingkang kedadosan menika ingkang dipunlampahi dening para paraga, nemtokaken sanget kangge ngukur dumugi pundi novel menika narik kawigatosan saking pamaos saking cariyos ingkang dipunasilaken (Nurgiyantoro, 2000: 122). Konflik psikis ingkang kalampahan dening para paraga wonten ing salebeting novel, biasanipun kedadosan amargi wontenipun gegayutan antawis paraga ingkang nggadhahi watak ingkang beda, pepenginan ingkang beda, sipat ingkang beda, ingkang nuwuhaken konflik menika kedadosan. Andharanipun ngengingi babagan konflik saking wujudipun psikologis nalika konflik wonten ing novel Adiling Pangeran anggitanipun Any Asmara dipunandharaken kanthi tabel mekaten. Tabel 4.1 Data Wujudipun Psikologis nalika Konflik Paraga Yanto. o. N Wujudipun Psikologis nalika Konflik Id Struktur Kepribadian Eg o Supereg o No. Data 1 2 3 4 5 6 1 Sedhih 5, 7,10, 45,48, 56 2 Мeri (Iri) 6 3 Kuciwa 7 4 Nekad 53 5 Sadhar 12, 29 6 Bingung 18, 45, 49, 60 32

Video yang berhubungan

Postingan terbaru

LIHAT SEMUA